Wednesday, May 15, 2024

Cerpen Jawa Banten Dede Quratul'aini | Doa sing Diijabah

Cerpen Dede Quratul’aini



Samsuri lan Mabruroh sampun lawas kepengenan derebe pecil. Sampun pitung tahun nonggoni sang buah hati. Unggal dinten ngedoa ning Gusti Allah. Samsuri lan rayate niku setiap dinten ngedamel supados boten kepikrian saos. Sing gawe ngerunyakaken lamun Mabruroh ketemu atanapi ditakeni sereng tetangge lan dulur-dulure.


”Mab, sampun derebe pecil?”


”Mab, sampun meteng?” 


”Mab, sue amat duwe anake!”


Kerane sering ulih pertakonan niku, Mabruroh kadang milih meneng saos. Tapi ning jero atimah luare.


”Emange pecil niku sinten sing ngenei lamun dudu sing Gusti Allah,” cepe Mabruroh ning jero ati.


Lamun kependak Samsuri, Mabruroh pasti langsung ngadu lan wewarah, bahkan sampe nangis saking larane diomong niku. 


”Wis endahaken bae Nong lamun ane uwong ngomongmah. Emang uwong ikumah ore bise ngerasakaken ati kite. Napik dipirengi malih,” cepe Samsuri. 


Akhire lamun wenten sing tetaken, Samsuri sing ngejawab, “Jaluk doane saos.”


Wenten saos dulur-dulur atanapi batur sing maler ngemotivasi Samsuri lan Mabruroh supados tetep semanget kengge ikhtiar lan ngedoa. Ning perjalanan niku katah sing dilakoni Samsuri lan Mabruroh, baik ning medis atanapi ning tempat herbal. 


”Cobe ngejajal ziarah ning Gunung Karang, Sam,” cepe bature Samsuri, si Komar.


”Kang, kok ayun derebe pecil kudu ning Gunung Karang? Emange wenten nape ning rikune?” Samsuri tetaken. 


“Mase iye kudu merane. Nape hubungane. Boten manjing akal. Percaye ore percaye,” Mabruroh ugah milet ketelimbeng. 


“Enggih, wenten dulur kulegah sing berhasil derebe pecil sewise manek Gunung Karang,” cepe Komar malih. 


Kerane keisengan lan terkena bujuk rayu si Komar, Samsuri ngajak rayate berangkat.


”Yuk, Nong, ngejajal sembari dedolan,” cepek Samsuri.


Mabruroh nurut bae ning lakine, embuh kaye wong ore sadar. Samsuri lan Mabruroh linggar ngebakte motor. Sembari tetaken ning uwong-uwong sing dilewati, Samsuri lan lakine dalan ngelewati gunung lan makam, gawe ati maras lan wedi. 


Samsuri lan Mabruroh nyampe ning tempat ziarah niku. Mabruroh dipendet kangge nyekel watu sembari dirangkul sing buri. Cepene lamun nyampe, bakal derebe pecil. 


“Ape iyane,” ning jero ati Mabruroh percaye ore percaye. 


Samsuri ugah bingung, kelipun nuruti omongan bature sing boten manjing akal niku. Boten lami, Samsuri lan Mabruroh nyadari kesalahane. Sekarone jaluk ampun ning Gusti Allah. Samsuri lan Mabruroh kepireng, lamun doe sing paling diijabah enggih pun niku doane wong tue.


________

Penulis


Dede Quratul’aini, guru SDN Kubang Sepat II, Kec. Citangkil, Kota Cilegon.


Kirim naskah 

redaksingewiyak@gmail.com