Saturday, January 1, 2022

Bab 1 | Samsiah & Jaidi | Sul Ikhsan



Prolog


Samsiah keketroken. Deweke tembeke balik megawe sif roro. Wayah metu lawang pabrik, langit rasane masih padang. Laka tanda-tanda lamun tengah wengi iku udan arep mundun. Barang ora sue Samsiah jalan, udan ora puguh-puguh ngegerudug. Nyampe kontrakan, kelambi Samsiah kekebes sampe ning cangcut-cangcut. Sebenere deweke kepengen nonob. Cuma karena ngedeleng uis tengah wengi, deweke wedi bokan ana wong jahat. Soale lamun deweke ngedeleng status ning media sosial, lagi rame kasus pemerkosaan. Akhire Samsiah lebih milih udan-udanan sampe kontrakan.


Samsiah manjing ning kontrakane. Badane ngegeter keatisen. Udan durung menda bae. Malah nyangkin gede. Wayah ngedeleng jam ning tembok kontrakane, uis nunjukaken jam roro subuh. Lebah arep ngunci lawang, deweke ditibani amplop coklat sing dibungkus karo plastik putih bening sing ana merek lan logo jasa pengirimane. Samsiah ketelimbeng. Seinget deweke, Samsiah ora mesen apa-apa minggu-minggu iki soale lagi tanggal tua. Amplop coklat iku Samsiah bolak-balik. Deweke ngedeleng ning amplop coklat iku aran pengirime kosong. Tapi aran deweke lan alamate bener bahwa paket iku gena deweke.


Saking penasarane, Samsiah ora gancang-gancang adus lan malah dodok ning korsi sing ana ning jogan kontrakan. Amplop sing sapa iki ya? Jere deweke ning ati. Ora akeh omong lan mikir maning, Samsiah ngebuka paket iku. Ukuran amplop iku sedeng. Ora gede lan ora cilik. Samsiah nyowek amplop iku elon-elon. Ning jero amplop coklat iku ana amplop putih sing biasa gena isi surat panggilan atawa surat undangan rapat. Samsiah nyangkin ketelimbeng. Deweke langsung bae ngebuka amplop putih lan deweke melongpong ngedeleng isine surat.


Ati Samsiah ngegeter. Dibukalah surat iku ning Samsiah.

 

 

Pengirim: Lanang sing demen beneran ning sira

 

Samsiah, surat iki gena sira

Tulung dibaca. Kita gawe surat iki karo ati sing kebek rasa ajur, rasa kangen lan rasa demen ning sira.

 

Ana ning ndi sira, Samsiah?

Kita pengen kependak sira

Ngedeleng ayune rai sira

Lan pulene mesem sira

 

Tulung ingeta sira, Samsiah

Jaman bengen kita lan sira memotoran lan mangan baso ning perempatan

Baranganu kekebakan ning kolem renang sing ana ning kota

Jugul ana umah sing bagus ning pinggir dedalan, kita wong roro ngebayang-bayang bakale bisuk, kita wong roro due umah mekonon. Sira jadi Dokter. Kita jadi Polisi.

 

Ning ndi bae anane sira, menai sira sehat lan bahagia ya, Samsiah sayang!

 

Tulung ingeta sira, Samsiah

Bengen kita wong roro gegerejogan ning ranjang, gemuyu-gemuyu jugul dina, lan sms-an jugul menit sampe batre hp kita melembung

 

Kita inget, sira due cita-cita bakale kawin karo kita lan due anak roro lanang wadon terus tinggal seumah ning komplek

 

Waktu iku, sira uis nyiapaken aran gena calon anak kita wong roro. Lamun ora salah mah, lanang kuh Reza Aditya, lamun wadon kuh Elsa Marisa Putri. Sira bongkor anak kita bisuk tak arani Rojidi atawa Sapnah.

 

Ora masalah, Samsiah. Waktu iku sing penting Sira bahagia bae. Kita semati-matine ngegawe sira bahagia.

 

Tapi ning ndi saiki sira Samsiah?

Waktu kita balik sing Jakarta lan marek ning umah sira, jere tetangga, sira uis kawin karo uong lan siki urip ning desa laki nira sekeluarga.

Kelimen lunga ninggalaken kita lan milih kawin karo wong lian?

Kelimen sira ora ngabari kita?

Apa sira uis ora demen ning kita sampe sira tega mekonon iku ning kita?

Asal sira weruh, kita balik iku arep ana niatan ngelamar sira, Samsiah!

Sumpah, Samsiah, kita uis kaya wong edan waktu ngerungu sira kawin tanpa sepengetahuan kita.

 

Surat iki gena sira Samsiah. Tulung dibaca  bae sedela mah lan balesa surat iki ndah kita ngerungu langsung sekabehe sing sira.

Bener tah sira kawin karo uong tanpa wewarah ning kita? Bener tah Samsiah?

 

Lamun sira bener uis kawin, tulung ngomong ning kita alesane apa?

Apa karena sira ora demen ning kita maning?

Apa karena kita cuma kuli, Samsiah? Dudu Polisi kaya apa sing sira lan wong tua nira harepaken, Samsiah?

Seweruh kita, sewulan sedurunge kita balik ning Jakarta iku sira lan kita masih sayang-sayangan ning telepon.

 

Kita pengen kependak karo sira, ngelangkur sira lan ngebisiki ning kuping sira bahwa kita semati-matine demen Sira. Tulung kabari kita, bahwa berita sira kawin iku gadur sekabeh. Tulung, Samsiah!

 

Sayang Samsiah sing Jaidi

 

13 Juni 2017

 

Samsiah banyu matane mili sampe kemesesegen. Banyu matane sampe nyampur karo banyu udan ning gulune. Samsiah langsung inget lanang sing bengen pernah ngisi urip deweke: Jaidi. Samsiah nangis sejadi-jadine bengi iku sembari ngelangkur surat sing Jaidi. Baranganu deweke sadar ana sing ngeganjel ning surat sing ditulis Jaidi iku. Dibaca maning lah surat iku lan ngedeleng bahwa tahun penulisan surat iku tahun 2017 sedangkan waktu Samsiah ulih surat iku tahun 2021 sing artine surat iku ditulis patang tahun sing bengen. Sing gawe Samsiah nyangkin nyeseg lan remuk atine, tanggal surat iku pas sedina serengsene Samsiah kawin lan Abdul Gafar. Samsiah nangis sekenceng-kencenge sampe munine nyampur karo muni udan ning jaba. 


Bersambung....

___