Monday, August 30, 2021

Puisi Jawa Banten Bebasan Rois Rinaldi | Limang Babak Alit | Ing Jagat | Mireng lan Meneng

Puisi Jaseng (Bebasan) Rois Rinaldi











Limang Babak Alit

 

I

Tuan Pieter Booth, sedéréngé rawúh  

lan tebih saking waktos kérem andike

ning Mauritius kelawan kapal Banda

pirenge, pireng Gouverneur Generaal

Portugis kang gumedé, pepeling puniki:

“Lamun rúbúh tembok ning Melake

papan ning Jawe kule adegaken!”

 

II

Setuhunélah sedanten sing kedadosan  

ing dalem waktos-waktos sing dianggit

atanapi sing dianggep sepi ing catetan

boten ngilangaken nape-nape kekuduan.

Naktu jagat alit kang werit

naktu jagat gede kang ajeg jumenggrengé

boten wénten sios menuse  

semengkono-semengkono kewéntenan

diésaki senajan digjaye.

 

Raje-raje dunie kelawan sedanten

sing teteg lan sing rúbúh kadipare karse

sing ngederebéni sedanten mangsi

lamun ngewiyak tuan maring deluang

ing seambe-ambané langit

ing seambe-ambané segare

kang den petani tuan úntúk ombake.

 

III

Sribaduga Maharaja, ruwat awit tatar

Sunde saking teturah Tarumanegare

mugasi wayah anging peputu.

Pangéran Sabakingkin pecil saking arah  

Syarif Hidayatullah manggoni Wahanten

mimiti dedalan kelawan dedalané

pasukan anonimus kanggé ngarak

kebecikan dédé ngurak dados kebenduan.

Katah pituduh nyepeng cerite

adu jago klúrúk ning Pulosari.

Tumeke trah maring Maualan Yusuf

watu genah linggih raje-raje Sunde

dibakte maring genah sing pedek segare.

 

Nikulah, niku sing kedadosan saking lian negeri

ing dinten-dinten andike ngegeguwek

kesultanan lan tetinggal trah Parameswara.

Kebecikan boten rusak, ngan ngalih tetande

seperantosé tembok Melake rúbúh

maring Banten kapal-kapal rawúh.

 

IV

Tuan Pieter Booth, tembangan kapal ké rem

Surosoan murub Senen subuh

atawe pepanggonan-pepanggonan menuse

kari kemahéran cerite sengén sing dialem

metuki panggonan wong seniki

sing karep maring tetenger

ngan boten karep maring tetinggal

dédé wewilangan kéléh lan menang

dédé wewilangan keséak atawe kuase.

Sedanten lamun ditingali ning pundi kebecikan,

ngurabi ambon-ambon babad alas

tumeke perantosé dinten kang akhir.

 

V

“Lamun rúbúh tembok ning Melake

papan ning Jawe kule adegaken!”

 

Banten Lama, 1442 Hijriyah

 

 


 

Ing Jagat

Pertakénan

 

     Kados ati

suwung ning sor keluwung

waktos jam meneng

ning jero pasir

langit sonten

kados mate bocah

wadon sing nahan

banyu mate.

Boten wénten sing pepajar

saking pundi rawúhé sing diantosi

saking arah Gunung Batur

atawe arah Watu Lawang.

Emprit mabur éndép  

ning waduk Kréncéng

kelalén ngebéntenaken  

  kampung lan kuburan

ning rerawe catetan sengén.

Sedanten ngedelangak

ngadep maring langit

ngantosi ratu adil.

Urip kule ning jagat pertakénan

sedinten-dinten ngimbu

impén-impén.

 

Cilegon, 1440 Hijriyah



 

 

Mireng lan Meneng

 

Ing antarané ngomong wénten meneng

ing antarané meneng wénten suare

sing kedik kados ulén-ulén bugis.

 

Tebih genahé, ning jero badan andike

ngende dipireng kelawan kuping ati

singmatek kuping jasad sampun kebek

omongan sing elor lan sing kidul

kados angin gedé musim rendeng.

 

Ing antarané mireng wénten meneng

andike meneng kanggé mireng

mireng andike kedah mireng dédé mireng

meneng-meneng setuhuné boten mireng.

Suare ati andike ngajak ngederes

melebet ning jero--sejero-jeroné urip.

 

Ing antarané suare-suare dunie

melebete andike maring mireng

lan meneng.

 

Cilegon, 1438 Hijriyah

 


____

Muhammad Rois Rinaldi, pecilé H. Tubagus Muhammad Harofisi lan Siti Maemunah, lahir ning Banten, 8 Mei 1988. Rois sampun nulis sing barang alit, kinten-kinten taun 1998, terutamine puisi. Rois sios sastrawan sing nerime “Anugerah Utama Puisi Dunia” saking Nusantara Melayu Raya taun 2014. Ning taun niku ugah, Rois dados sastrawan sing antuk penghargaan Asia Tenggara, enggèh puniku “Anugerah Sastrawan Asia Tenggara 2014”, tumeke taun 2016, Rois mayeng antuk penghargaan puniku. Buku sing judule Sastracyber: Makna dan Tanda kepilih dados “Buku Terbaik Satu Dekade—2005-2015” sing dipasaraken ning Malaysia.

 

Seliané ngisi acara-acara sastra ning Indonesia atanapi ning luar negeri, Rois sedinten-dintene dados Presiden Lentera Sastra Indonesia lan Koordinator Indonesia Gabungan Komunitas Sastra ASEAN (Gaksa) sing genahe wéntené ning Kota Cilegon, Banten.