Wednesday, January 26, 2022

Puisi Jawa Banten Oki Khaeri Rojab

 



Puisi Oki Khaeri Rojab

BOTEN WENTEN SURGE NING DUNIE


Boten wenten surge ning dunie!

Kule sumpah

Demi dzat kang tunggal

Demi dzat kang ngerigelaken cintane maring Rumi kangge Syam tabrizi

Demi dzat kang neka-kaken gusti rosul maring singgasanane

Demi dzat kang nge-dados-aken kule kados niki

Boten wenten surge ning dunie


Pepikang, pekaye, jabatan lan lian seumpamane

Enggih pun niku berhale

Enggih pun niku candu

Enggih pun niku ruju' nelangse

Abad-abad aniyaye niki; sembahyang cume formalitas

Formalitas hambe muje-muje pengerane

Intensitas beragame maler di ragukaken. Maler kudu di pertakonaken kewentenane

Tingkah kule sedanten niki 

Cume nge-gancang-aken perputeran waktu maring dine pembubaran dunie

.

.

.

La haula wala kuata illa billah


___

Di Bantaran Sungai Ciujung Lama, 

Gardu Wa Kholid

27 November 2021




Penulis

Oki Khaeri Rojab, pemuda asli Singarajan.