Wednesday, March 30, 2022

Puisi Jawa Banten Nursiyah Faa

Puisi Jawa Banten/Jaseng Nursiyah Faa




Wolu Kwatrin Kembang Gempol


I

1993 dine Selase

Wulan lan tanggal sing embuh abang irenge

Pengeran sing sifate ‘ilmu lan hayat

Moal kelalen saking ciptaanane


II

Subuh sing adem

Ning dese sing uwong-uwonge tentrem

Tak cekel janji

Urip tekang mati ning pepangkon rabi siji


III

1993 dine Selase

Subuh iku kembang gempol

Mekar kelwan ayu

Ngundang kumbang mareki kembang


IV

Wangine gempol

Kegawe angin, manjing

Ning sejerone ingetan

: nyembur banyu ketuban


V

Subuh sing padang

Mareki awan sing terang

Cahye manjing saking langit

Cahye urip: kembang uripe menuse


VI

Masih leletok getting ning badan bayi

Tak timang, rangkul, ambung

Kembang urip mekar ning ati

: adan nyambut urip menuse suci


VII

Siki bayi wis gede

Si bayi wis duwe bayi

Nimang-nimang dine arep

Sing embuh kuen bakal kelakon tekang peragat


VIII

Siki dine arep peragat

Lelamunan durung entek disentak

Wulan lan tanggal sing durung kependak

: ampure ning ampure sing ure keucap


Serang, 29 Maret 2022



_______

Penulis

Nursiyah, kuli pabrik.