Wednesday, March 8, 2023

Puisi Jawa Banten | Nursiyah Faa

Puisi Jawa Banten (Jaseng) Nursiyah Faa




Gegelati


Ning sejerone wengi

Kite cume menuse sing akeh ragu-ragu

Tetakon dewek tentang kabare

Wis lawas ure kependak

Wis lawas ure tuker uruk salam

Ape deweke sehat? Sibuk ape sikine?

Ape inget karo kite? 

Pertakonan ure peragat gegelati jawaban


HP kite muni, dade ngederegdeg durung siap

Nerime kenyataan dudu deweke

Kite dewekan gegelati deweke ning siku-siku wengi


Serang, Maret 2023



Luwih Ngebelangsak


Lake sing luwih ngebelangsak

Pintere meminteri

Lake sing luwih ngebelangsak

Miskine dunye ditambah kemalesanane urip


Lake sing luwih ngebelangsak

Sugihe nyenyolong

Napsune mangan duit umat


Lake sing luwih ngebelangsak

Napsu wirahi dituntasaken

Ning dudu sehalale


Lake sing luwih ngebelangsak

Loro warisan Nabi

Ure dicekel tekang mati


Lake sing luwih ngebelangsak

Sing pinteri nyalahi setan

Ure ngengace akhlak dewek nyerupani setan


Serang, 23 Januari 2023



Catetan Awal Maret


Sembarang Februari

Udan ngeriyek 

Kali banjir lan jembatan kelem

Kite wedi nyebrangi

Ure kedeleng endi dedalan melaku

Endi dedalan banyu

Sekabeh dedalan kerurub banyu


Saban dine udan ngeriyek

Banyu mili sing udik ning ilir

Sawah-sawah kelem

Pari-pari kenang bebeluk

Gabah-gabah bosok ure keipe

Beras-beras munjuk ning deduhuran

Wong musakat pade bebentingan


Serang, Maret 2023


_______

Penulis

Nursiyah Faa, ibu rumah tangga beranak siji.



Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com