Wednesday, November 29, 2023

Puisi Jawa Banten Encep Abdullah | Gare-gare Bacot

Puisi Jawa Banten (Jaseng) Encep Abdullah



Gare-gare Bacot


Awal mulane adem mayem 

Keuripan ning sebuah kampung 

Puguh-puguh Rojali ngebacot

Akune Jupri selingkuh kelawan Munah


Rabine Jupri ngerungu

Balik-balik Jupri digeletok centong

Pawone awur-awuran kaye tai jaran


Jupri ore weruh ape-ape

Ore weruh salahe ape

Rabine uring-uringan jaluk pegatan

Jupri kukur-kukur endas lan silit


"Iki kayane ulahe Munah," jereh Jupri

Wadon sing bengen pernah ditolak deweke

Laju Jupri marani dukun

Rai-raine ning baskom kedelenge mirip si Munah

"Wis ore salah maning," jereh Jupri.


Cangkem uwong meladar-melider gelati kuping

Sampe ning kuping Munah

"Kurang asem si Jupri, wismah nolak kite,

nuduh kite gune-gune rabine maning. 

Ore terima kite. Kaye wong iku saking gagahe bae.

Ules kaye silit kebo bae akeh lagane!" jerehe.


Sekampung teriwuh

Cangkem uwong ore kedeleng sumber asline

Nguyab merana-merene 

Kaye laron-laron mabur ning musim penghujan


Jupri lan Siti masih tetukaran

Rojali khusyuk maen kerambol ning gardu 

Wong edan lan kucing akur 

Mangan sekul basi ning sor wiwitan


November, 2023


_________


Penulis


Encep Abdullah, penulis sing doyan mangan endog ayam setengah mateng.



Kirim naskah ning

redaksingewiyak@gmail.com