Wednesday, May 8, 2024

Puisi Jawa Banten | Oki Khaeri Rojab

Puisi Jawa Banten Oki Khaeri Rojab




Segare


Segare saking utare

Pesisir lemah Lor!

Lontar!

Wit saking Pontang maring tenare

Imit-imit ngemimiti lemah lan telage 


Rauh pepeling saking utare

Banyu dados gegare 

Dados genah kang sampun ten bangkit diruwat 

Tilar sampun ambek pun niki

Nilem sedanten piambek menungse 


Segare saking utare -- karen sampah, balung lan ambu bacin 


Mentas saking lintang

Kelebu sedereng layar dibentang 

Perahu-perahu mamende lan bape kayi

Ngan dados panjang ing se-idere kali

Muware pun-niki 

Ngan wadah jarit, sempak, kutang atanapi ponjen-ponjen pelastik

Serte watang-watang tugel kang aking

Diantos layung nelike banyu rob maring segare

Rawuh lan mantuk saking gegare


Lontar, 20 April 2024


_____


Penulis


Oki Khaeri Rojab, Pemude pontang-panting saking Pontang.



Kirim naskah

redaksingewiyak@gmail.com