Wednesday, October 20, 2021

Puisi Jawa Banten Sul Ikhsan | Kita Pengen Urip Karo Senong | Mikiri Senong

 Puisi Jawa Serang Sul Ikhsan




Kita Pengen Urip karo Senong


Nong

Kakang pengen urip ning badan senong

Dodok ning ati senong

Teturon ning jejitok senong

Kekebakan ning rerai senong sing kaya kobak banyune adem


Nong

Ning lambe senong iku ana sawah sing parine masih ijo

Sing ana ambon gede ning pinggir galenge lan esore ana balene

Ana kali cilik sing banyune bening

Ning pinggir balene


Kakang pengen ngadem ning bale iku nong

Ngelendehaken jejengklok

Bari ngedeleng ijone sawah sing pentite digoyang-goyangaken angin

Ngerungu manuk gereja cewewetan

Ngerasakaken ademe suasana

Sing gawe mata kakang rasane pengen ngeliep


Nong

Ning mata senong iku ana laut 

Sing ombake anteng

Sing banyune biru sampe watu karang lan iwak kedeleng sing deduhuran

Ana perahu cilik ampul-ampulan

Ning pinggire ana watu lembaro

Lan tanduran bangka ngejejer ngebentuk pager

Lamun sore, ana serngenge sing warnane abang kekuning-kuningan


Kakang pengen dodok ning watu lembaro iku nong

Ngedelengi banyu laut obah elon-elon

Ngerasakaken angin sing gawe godong bangka goyang-goyang

Mandangi sorot serngenge sing dilangkur laut


Nong

Lamun kakang ulih ngejejaluk ning senong

Kakang pengen urip karo senong

Duh, ketang kaya nong

Untung lan berag aman urip kakang iki nong


Tirtayasa, Oktober 2021




Mikiri Senong


Jugul bengi

Lewat saking jam rolas 

Kakang ora bisa ngilangaken rerai senong ning pikiran


Senajan mata ngantuk

Ndas mubeng 

Badan pegel bekas muntang-manting

Senong tetep ora ilang-ilang ning ndas kakang


Sekabeh cara uis dipegaweni

Nyetel lagu pirang-pirang judul

Ngewaca buku pirang-pirang lembar

Ngewaca doa turu pirang-pirang balen

Ngedelengi cecek ning pelapon

Bolak-balik kamar ning pawon


Tetep bae 

Rerai senong uis ngejogrog ning ndas kakang

Meseme senong wis nempel ning ati kakang

Kakang jengkel nong

Kakang geduprukan nong

Waleh nong, tulung nong

Kakang ora keburu demen senong


Tirtayasa, Oktober 2021



___

Biodata Penulis


Sul Ikhsan, lahir di Serang, 18 Mei 1998. Menulis puisi, cerpen, esai, ulasan, dan sedang coba-coba menulis puisi daerah. Penulis buku kumpulan cerpen Nadran dan Cerita Orang-Orang Kalah Lainnya (2020). Saat ini sedang dipercaya menjadi Pemimpin Redaksi ngewiyak.com.