Wednesday, December 1, 2021

Puisi Jawa Banten Taturo'ah | Tuluse Ati Ibu | Setie

 Puisi Jaseng Taturo'ah




Tuluse Ati Ibu


segale perasaane kule dadi ibu 

bener-bener dados taruhan

boten gampang


demi anak kule tersayang

nape saos pasti dilakoni

senajan bahaya ning arep mate

boten wenten rase wedos


ati ikhlas demi keuripan anak 

dijalani sareng mesem indah


ningali geguyon lan jejorangan anak niku 

luar biase surge dunie

ning ati kule dados ibu


ikhlase ati kule boten wenten tandinge 

dados ibu, kebahagiaan anak niku nomer sios

lan paling utami




Setie


nape kirange kule niki 

sampun segale galene 

kule korbanaken 


cinta kule sing suci niki

kesetiaan kule lan rerase sing indah niki

ayun dibakte ning pundi? 


ati kule lembut lan syahdu

boten wenten rorone

pepajarlah ning kule

dipune kule ngertos

kule niki bener-bener setie


urip kule serahaken kali deweke

kule pengen tetep setia sampe tue 

sampe ninggal 

mugi-mugi Allah ngabulaken doa kule

amin






___

Penulis

Taturo'ah, asale sing Linduk. Seniki tinggal ning Pontianak.









Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com