Wednesday, January 5, 2022

Puisi Jawa Banten Naimin Ka | Ula Naga Dawa | Ganggung | Tik Walik | Boyboyan | Gatrik

 Puisi Jawa Banten (Jaseng) Naimin Ka




ULA NAGA DAWA

: versi daerah Akuhalunesia


Main ula naga dawa iki seru

Semakin akeh wong semakin seru

Melaku-melaku sembari nyanyi-nyanyi

Muter-muter sembari cekelan pundak batur.


Wong roro tugase sebagai penjaga

Penjaga dipilih karo cara hompimpa

Tangan penjaga kudu jadi lorong

Gena ula naga dawa lewat memuteri lorong.


Melaku-melaku sembari nyanyi-nyanyi

Muter-muter lorong sampe lagune pragat

Awas aja sampe kejebak lorong

Karena bakale kudu metu sing barisan

Barisan ula naga dawa.




GANGGUNG

: versi daerah Akuhalunesia


Ganggung geledek jenggar-jenggur gutung

Salah siji lunga melayu-melayu sampe keselandung

Sing terakir ora gutung bakal dadi lutung

Melayu-melayu ngubek batur-bature sing gutung

Siji-siji diubek, dicekeli, sampe sekabeh ganggung.


Kita bisa jempling, amun pegel mah

Endah si lutunge kesel, nonggonine.




TIK WALIK

: versi daerah Akuhalunesia


Lima bocah ngawali mainan karo tik walik

Jari-jari tangan dirahasia aken dikepal rapet

Itungan telu dibuka, sing jempol sampe jentik

Bebas pirang jari, arep telu tah papat

Pokone jari siji sampe sepuluh, sekarepe.




BOYBOYAN

: versi daerah Akuhalunesia


Gena nentu aken sapa sing dadi si Boy

Sekabeh pemain kudu lempar terwengkal

Sing paling adoh saking garis ikulah sing dadi si Boy.


Siji-siji gantian lempar bola ning tumpukan terwengkal

Supaya tumpukan itu roboh, buyar, ambyar

Seuwise iku, kita melayu-melayu

ngindari bola sing dibadug aken si Boy

sembari numpuk terwengkal

Supaya tertumpuk utuh kaya maune

Tapi awas aja sampe kena bola si Boy

Amun kena, kitalah sing ganti jadi si Boy.




GATRIK

: versi daerah Akuhalunesia


Main gatrik memang asyik

Permainan iki sing kayu dibagi rongpotong

Ana sing dawa sekira 30-35cm sebagai ibu

Ana sing pendek sekira sejengkal jari sebagai anak

Permainan dibagi jadi rongkelompok.


Kelompok sing main, tugase nepuk anak kayu

Seadoh-adohe, endah ora ketangkep

Atau pas dilempar lawan ora kena ibu kayu.


Kelompok sing jaga, tugase nangkep anak kayu

Amun ketangkep maka otomatis

Permainan lawan mati

Lamun ora ketangkep anak kayune

Maka mematiakene lempar anak kayu

Endah kena si ibu kayu.


Main gatrik memang asyik

Apa maning pas bagian akhir

Bisa ber-skill lan nepuk seadoh-adohe

Endah itungane akeh,

Semakin akeh semakin adoh

Bonuse ulih digendong lawan

Sing jarak tepukan ora terhingga

Sampe tempat awal main gatrik.




____

Penulis

Naimin Ka, penulis merupakan Kiai di daerah Akuhalunesia. Saat ini ia beraktivitas sebagai guru renang ikan gurame di Danau Palmia.






Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com