Wednesday, February 9, 2022

Puisi-Puisi Jawa Banten Nursiyah

Puisi Jawa Banten/Jaseng Nursiyah




Februari ning Lemari Kite


Februari ning lemari kite

Ielah lempitan kenangan

Sing disusun rapih ning tiap ambalan


Ambalan paling duhur iku

Kenangan bagus

Sing jarang muncul ning dine-dine biase

Kaye kelambi-kelambi bagus

Sing dikhususaken genah kondangan

: Awal wulan sing bagus genah dikenang

Ning kunu iku kite her-heran

Tekang pegel ure kerasan ning badan


Ambalan tengah iku

Kelambi sedine-dine

Ning kono ane kenangan

Dine-dine sing peteng

Anyeb, atis tekang padang

Panas, geseng, rumpeng

: Dine-dine sing entek

Dipangan waktu

Nyisakaken pegel ure keobatan


Ambalan sor iku

Kahanan sing abot

Ure jugul dine digenti

Ure jugul dine dikumbah

Lemek kasur, urung kemulu

Urung guling, selimut iku tempate

: Ampure semisal

Kependak kite

Ure nyape

Pegel kite ngumbah

Getih sing bebelaeran


Serang, 09 Februari 2022



Lake Tepake


Ane ape iki?

Kahanan ilang 

Lake tepake


Rupane maling siki pade pinter

Pager, lawang, jendele

Lake sing kejebol

Tapi kahanan pade ilang


Dudu siji loro tempate

Sing kelangan kahanan ilang

Sing lor ning idul

Ulon tekang etan

Kahanan ilang lake tepake


Wis ore beres dunie iki

Kahanan ilang lake tepake!


Serang, 08 Februari 2022



Kelon Guling


Isuk atawe emben

Mungkin wadon-wadon

Lebih seneng kekelon guling

Anget guling ure panas tekang ati

Moal nyerngeni senajan 

Iler kagol netes ning urunge

Moal maido senajan

Tangi kawanan kerne

Sewengi campleng 

Ngurusi gosokan


Serang, 06 Februari 2022



____

Biodata Penulis

Nursiyah, kuli pabrik yang sesekali menulis puisi.







Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com