Wednesday, March 9, 2022

Puisi Jawa Banten Nursiyah Faa

 Puisi Jawa Banten Nursiyah Faa




Cerite Ning Sewalik Dine Wadon Sedunie


I

Wingi kite ngewace

Tagar-tagar rentep ning postingan

Medie sosial rame

Wong pade nulis

"Dine Wadon Sedunie"


Ning sebelah kite ane wadon cerite

Setemplok kulite ngebiru

Kenang gegebug tangan lakine

Cerite merana-merene lake benere

Malah akeh uwong bebalik nyerngeni

Ngumbar aib urusan laki-rabi

Didusun-dusun ning kabeh uwong

Wadon ngumpet ning pepeyek dewek

Wadon wis ilang hak suarane


II

Winginane rame

Santri-santri sing ayu rupane

Dirayu-rayu jaminan suarge

Dipakse nyekel barang gurune

Pepikang lare ure ketahan

Wis rogol putik kembang

Sedurung waktune

Duh Gusti

Subuh-subuh melati kuncup

Rigol siji-siji

Durung mendak lembayung alus marani bengi

Wadon nangis beberekan tekang serak 

Mareki sekarat

Hak asasi menuse ketilep rurub napsu dunie


III

Wingi, winginane

Bocah wadon polodan

Dirayu kembang gule

Durung peragat ngelamoti

Kelambi dirorodi teke siji

Bocah polodan digauli babi


IV

Sing bengen tekang siki

Wadon-wadon sing rangde 

Dadi guyonan

Ning lanang-lanang bangor ure ketamban

Ning pade wadone

Rangde disengiti

Rereakan lamun keperampagan

Rangde: najis ure kewisuhan


V

Wadon-wadon sing mateng umure

Durung kepedak jodohe

Digeguyu tetange

Perawan tue wadanane

Ning cangkem-cangkem lamis

Perawan tue: iwak berek sing amis


VI

Wadon, jerehe suarge ning tepake

Salah langkah kepeleset

Ning nerake tempate


Serang, Maret 2022 



___

Penulis

Nursiyah, kuli pabrik.