Wednesday, June 8, 2022

Puisi Jawa Banten Nursiyah Faa

 Puisi Jawa Banten Nursiyah Faa



Sesanje


ane uwong sing maune 

ngebeuwong-uwonge disanje 

marek ngegawe sekul sewakul

iwak lan jangan sepiring-sepiring

juadah ditakiri

punar dipincuki

ditutup kelawan kekudung 

diambung tangan dulur

dijaluk nasehate

wong laki rabi

ore enteng gegawane

ore entek masalahe


tangan dulur disalami

dipareki mun lake cecangkingan

cecangkeman ning buri

laki rabi uwre peragat diwisuhi

tekang kuyup kelambi 

medel ore kejaitan

rong wulan perkawinan

durung diekan tande momongan

jadi bahan omongan

cangkem dulur lamis keambunge amis


wis lawas kawin

sesandang lake baguse

anak rabi lake diranggenane

dulur wis mulur

nyenyingkir mun dipareki

laki rabi musakat 

wis lawas dipegat sepihak 


lamun mendak dine jaye

dulur mareki

ngembil sesanje 

cangkeme sing amis 

ngomong lamis

dulur mah moal bise kepegat

sesanje: ngeleker sing mulur


Serang, Juni 2022



Hong-hongan


bocah akeh, sedurunge hong-hongan pade humpipahan:

humpimpah alaihum gambreng

si Pipah ngegenah kelambi rombeng

ngegawe kaleng

Ggedubrang-dambreng


kite kalah humpipahan

ngitung siji tekang sepuluh 

kelawan tangan sing nutupi mate rapet

ning sor wit ambon sing lagi kekembang

siji, loro, telu wis tah durung?

beberekan kite tetakon ning uwong 

sing ngumpet ning embuh kuen

sing dadane ngederegdeg

wedi kependak


papat, lime, nenem wis tah durung?

pitu, wolu, sange, sepuluh wis tah durung?

sekabeh meneng

cangkem mingkem 

tak gelati sekabeh batur

kependak wis pade gedene


rasane waktu udag-udagan temen

siji kependak wis lulus sekole

loro kependak lagi megawe ning kote

telu kependak ning dedalan ngekan undangan

papat kependak bebagen rujak

lime kependak wis duwe anak

enem kependak tetuku menjangan

pitu kependak batur liane wis ore esak

Wolu kependak nyangking buah sesasak

sange kependak wis pepegatan

sepuluh kependak lian esuke ngerungu wis mendak sekarat


Serang,  Juni 2022



_______

Penulis

Nursiyah, kuli pabrik.



Kirim naskah ke 

redaksingewiyak@gmail.com