Wednesday, October 19, 2022

Puisi Jawa Banten | Afiqoh

Puisi Jawa Banten Afiqoh





IBU


ibu, ibarate srengenge

sing gawe bumi terang

wongsing paling hebat sing kite duwe 

rela ngelakoni pegawean ape bae 

sing penting halal 

sing penting anak-anake bise mangan 


ibu, wong sing paling hebat

tangguh, tulus, ikhlas

ingdalem ngelakoni hal  

jereh ibu, elos senajan wong ore duwe 

sing penting ore ngejejaluk ning wong lian

masih mending megawe keringet dewek 

sederhane tapi cukup 

sing penting ore sengsare-sengsare temen


2022


_____

Penulis


Afiqoh, siswa SMK Muhammadiyah Pontang kelas XII Multimedia.