Wednesday, July 5, 2023

Puisi Jawa Banten Ihya Dinul Alas

Puisi Jawa Banten Ihya Dinul Alas




Ing Tengah Wengi


Ing tengah wengi

Isun lungguh madep kiblat

Suwung ing tengah jagad

Nampi napas dadi urip

Isun timpu maca syadat

Isun lumpuh maca kalimah tunggal

Sing dadi kalimah sakti

Ngadusi penyakit sing ana ning ati

Endah melek lan mari


2023



Mikiri Dunnya


Kudu premen kita kien

Wis ngulak ngalik mondar mandir gegelati

Ijo dadi abang, abang dadi kuning

Ngegojod anane

Titik moal jadi koma

Kalimah moal jadi niat

Lamun ore rumasa dodok ning ati

Madep ngulon ngolah diri


2023


_______

Penulis


Ihya Dinul Alas bernama asli Mamat Safrudin Lahir pada, 7 Agustus 1982. Mengajar di SMA Asy-Syarif Ciruas dan SMA Darrurohman Walantaka, Kota Serang. Akhir-akhir sering absen di kegiatan Kubah Budaya meskipun sebagai awal berdirinya komunitas yang dibanggakannya bersama kelima kawan tongkrongan di DPM (depan pohon mangga) semasa kuliah.


Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com