Wednesday, October 29, 2025

Puisi Jawa Banten | Encep Abdullah

Puisi Jawa Banten Encep Abdullah



Ruwed Dewek


Unggal dine menuse ketelimbeng

Arep ngeluh apa maning

Wis kakehen aduh-aduh ning Gusti Pengeran


Ditahan-ditahan ore bise

Menuse duwe ati

Kadang banyu mate mili dewek

Padahal lake sing nempiling


Dine iki nangis  

Ko esuk jingkrak-jingkrak

Esuke nangis maning

Mangan maning

Adus maning

Turu maning

Ngising maning

Kawin maning


2025



Petoak


Wis tekang endi kite dolanan ning dunie iki

Lake alat ukure

Padahal Pengeran ngekon kite kudu nimbang-nimbang dewek amale


Sing kite timbang-timbang wonganan udu amal

Tapi picis, jabatan, pangkat, wadon prigel, skinker

Suwe-suwe mati atine


Digei gering ngeluh

Digei musibah ngelumah-lumah


Petoak doang!


2025



Dolan sing Adoh


Cah, uripmah aje megegeg bae

Endas kudu mikir

Pawon kudu ngebul


Jerehe “rezekimah wis ane sing ngatur”

Tapi, unggal dine ngelonjor bae ning kasur

Sekrol-sekrol tiktok deleng sing munel-munel


Cah, gelati pegawean iku gati

Aje ilok ceplas-ceplos "leh, enje sih ore megawe gah masih urip"


Tak jawab ning kite, " leh, entut badeg!


2025


_______


Penulis


Encep Abdullah, penulis sing doyan mangan endog.



redaksingewiyak@gmail.com