Wednesday, October 8, 2025

Puisi Jawa Banten | Oki Khaeri Rojab

Puisi Jawa Banten Oki Khaeri Rojab



Wulan ing Srengenge


Adar ider -- Adar ider -- Adar ider

Lanang linglung 

Ngilar demen – nilar kedemen 

Ngilari sebab lan musabab perkare acak 

Wong wadon dados srengenge 

-- dados wulan ing dinten peteng 

Malihe 

mulih

Ing hikayat wong tuane sedanten


Telas Chandra pun Devvita

Sedanten lare lan pepeke boten rempug den jabar-jeri 

Botan antuk jengkat pun malih tetande

Sekalihe kantos 

Ngantosaken demen maring kang haqq

Kang ngeratoni sedanten luhuq


Wadon ngan pepaes 

Wadon ngan pepeke

Kedah dirupie

Kedah ditelikani 


Amben, Gili kaliasin – 1444H



Deluang Kuning


Blak ngeblak

Samar-samar perkare rumped 

Diblakaken 

Bakekok!


Kelawan dhomah

Sing ngegantungaken mim ing dalem gumantunge kawitan

Tur kho' kang maparing kabar saking Khaibar 

Welad gede

Sinten setuhune raje lan pengeran


Pok Menare, Singarajan -- 24 Feb 2022

 


Nariyyah


Nun saking Nariyyah

Ing taun sewu wolungatus wolungpuluh wolu

Nun ing nariyah

Umpetne tetande noktah

Macehe sedanten wong Banten


Nun saking Nariyyah

Ing patangewu patangatus patangpuluh papat

Rep -Pepasten mace kedah sirep

Eling lambe mingkem

Ati kang kedah usik


'Ala hadihinniyah

Walikullinniyatin sholihah


Maqbaroh Baituttaqwa, Singarajan - 10 Robi’ul Akhir 1447H


_________


Penulis


Oki Khaeri Rojab, tukang ngelamun.



Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com 


This Is The Newest Post