Wednesday, February 16, 2022

Puisi Jawa Banten Sul Ikhsan

Puisi Jawa Banten Sul Ikhsan




Cinta


Engko bisuk, Nong
Kakang pengen seumah karo Senong
kelasad-kelosod ning ranjang karo Senong
Atawa ngelonjor ning pawon ngedelengi senong mindang jahir lan nguleg sambel terasi.


Rada sore setitik, wayah serngenge lagi nyorot-nyorote
Kakang pengen memotoran karo Senong ngedelengi wong enom kelawad-keliwed ketelimbeng
lan ngerasakaken angin sing lagi mondar-mandir
Reren ning laut lontar, mangan kue lumpang sembari ngobroli banyu laut sing warnane kaya comberan lan perahu wong miang sing ampul-ampulan ora ulih iwak.


Engko bisuk, Nong
Kakang pengen kelambi senong lan kakang nyampur ning siji ember.


Subuh-subuh rengse memuluk
Senong sing ngengumbah
Kakang sing nyapu jogan
Senong sing ngeliwet
Kakang sing ngumbahi piring
Sembari ragem-ragem ngegeguyu keuripan.


Kakang weruh, Nong, urip bakale ora segampang kepengenan kakang, ora segampang ngeleg iduh atawa kukur-kukur pepikang
Urip jere uong-uong ora cuma mangan cinta
Urip jere uong-uong kudu akeh duite lan akeh duniane.


Tapi senong kudu weruh. Cinta ora bisa dipangan nong. Cinta ora teles lamun kenang banyu lan ora ajur lamun kebakar. Cinta ana ning ati paling jero menusa, Nong.


Urip emang kudu due duit lan ulihe duit kudu digelati karo cinta Nong.  Urip kudu due cinta, Nong.


Uong sing ngeduhuraken cinta ning uripe, iku uong sing ngeduhuraken anane Gusti Pengeran Nong. Sebab, pengeran nguripi menusa sekabeh iku klawan cinta Nong.
Karena cinta, Pengeran sayang ning makhluke, Nong.


Engko bisuk, Nong
Kakang pengen semati-matine demen Senong karo cinta seumpama cintane Pengeran ning makhluke Nong.


Tirtayasa, Desember 2021




____

Penulis


Sul Ikhsan. Lahir di Serang, 18 Mei 1998. Menulis puisi, cerpen, dan esai. Ia sedang menyelesaikan novel bahasa Jawa Banten pertamanya. Tulisannya tersebar  di beberapa media. Kumpulan cerpen pertamanya berjudul Nadran dan Cerita Orang-Orang Kalah Lainnya (2020). Saat ini ia aktif di #Komentar dan sedang dipercaya sebagai Pemimpin Redaksi NGEWIYAK.com.





Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com