Wednesday, September 28, 2022

Puisi Jawa Banten | Nursiyah Faa

 Puisi Jawa Banten (Jaseng) Nursiyah Faa




GURITAN SAPAR TAUN IKI


Tak tulis guritan iki ning wulan

Sing akeh pantange

Uwong-uwong tue sing wis doyok melakune

Pade prah-prahan nolak bale

Sekabeh latar diciprati

Sekul dipincuki

Juadah ditakiri

Didoani

Mugi-mugi Gusti Allah ngelindungi


Embene munggah sapar iki

Izroil wis metani

Subuh-subuh wis ane sing ngumumaken innalillahi

Rerasan wis ure enak ning ati


Durung peragat kekagetan iki

Uwong-uwong gede pade ngedani

: polisi nembak polisi

Tembelek tai!

Tekang siki uwong sing mateni 

Durung dibui


Semono ane bae wong sing bungbas ngelindungi

Dipuk-puk ning pepeyekan lindungan negeri

Ngakune kerunye uwong duwe bayi

Bating bayi!


Serang, 05 September 2022



SURAT KANGGO IBU


Ibu dudu pegel urus-urus 

isuk subuh temu subuh nyiapaken sekabeh keperluan.

Sekul sing wis mateng ure matek kepenjing ning weteng

Untu-untu wis lawas merotoli, kari gegusi

Tak uleni sekul dadi bubur, tulung dipangan senajan pait rerasan.


Ibu dudu pegel bolak-balik umah-rumah sakit

Sing parek wis disantrogi jugul wulan sepisan obate cume ngererep sesaat

Senajan adoh, bareng-bareng marani gonah ilang kaku ati, 

gonah ilang kekuatiran, gonah ilang lelare 

sing lawas nempel ning badan.


Ibu dudu pegel pepencet badan 

tekang ngegedugi gegodongan

Seneng kite ngelakoni sekabeh

Tak jaluk siji, ati sing ikhlas nerime takdir iki

Lelare badan sing ure keuwisan aje matek dadi pikiran, ape maning dadi cecangkeman.


Ibu dudu pegel ati ngedeleng dine-dine peteng

Senajan badan lungse merbawe beberekan

Tulung aje panjingaken ning ati

Dudu pegel urus-urus ibu.


Ibu dudu pegel kite ngegegean 

Ari duit sing kesebut moal mampu kite kebayar

Sekabeh pengurusan ibu saking kite

Sembarang ning wetengan sampe tekang 

Mengko taun-taun ning arep.


Ibu dudu pegel kite nangis

Ngerasani urip ure entek saking cobaan

Tak jaluk siji, ikhlas ning takdir iki

Urip arep keperimen maning lakone


Serang, September 2022



LANG-LANG CUNTANG


Lang-lang cuntang

Ke inget bengen lelangen ning kali


Cuntange sewatang

Angreb keciprak-cipruk ure wedi diserngeni


Lang-lang cuntang

Wewilah; kayu, sade

Wis biase kesabet ning badan


Cuntange rambut kite

Ure kapok senajan badan ngebelantar

Abang biru rupe kulit sing langsat


Dawane sewatang

Seuwis nangis pepelayon ning latar

Ibu ngeneng-ngeneng 

Nyoreni rambut ning jero banyu kali

Badan apung-apungan ngelonjor sebelan wetan


Serang, September 2022


___

Penulis


Nursiyah, buruh pabrik.



Kirim naskah 

redaksingewiyak@gmail.com