Wednesday, December 28, 2022

Puisi Jawa Banten | Nursiyah Faa

 Puisi Jawa Banten Nursiyah Faa




RONG JAM NING BANGKU TETUNGGON

Hal 2019


I

Perih sing gati ditambani

Ielah perihal tetunggon ati andike sing gati digenti.


Kite sadar diri cume uwong penggenti

Obat lelare sing ngererep sesaat

Geguyonan ning latar

Ngejekak-jekak 

Tekang mili banyu mate

Ure bise tak bedakaken endi

Bungah lan lare


Senajan wis sah dadi laki rabi

Ape untunge dibarengi tapi

Ati ure dadi siji

Samar kite ngedeleng dine

Peteng rumpeng. Umpamane kite

Lamuk sing ngueng-ngueng

Ning kuping andike

Nyerangkuti turu sing nanjak lali.


II

Setiap dine ielah lelare

Lelakon sing embuh lake keuwisanane

Awan bengi ure entek diejani.

Kite wadon dolog

Ngaji masih gerabadan

Melaku masih jerogjogan

Aje tambah didedolog

Aje tambah dijorog

Lamun tah wis entek rerasan

Udutah uwisan gonah

Ure kematek lawas dadi urusan

Los temen peribase sepah dibuang

Los temen rong keluarge cek cok ning urusan

Kite, andike

Lolos saking dedawan lare.


Serang, Desember 2022



ROLAS NOPEMBER 2022


Wis tak susun rencane gonah rolas Nopember

Segale keperluan wis tak siapaken

Sekedar ngebebungah anak

Sebab umume anak-anak tetangge 

Ngerayakake dine lahir karo

Kue bolu, coklat, permen lan lilin sing nyala

Jumlah lilin disesuekaken karo jumlah umur

Atawe lilin angke umur saat iki

Karo lagu selamat ulang tahun


Wis tak siapaken kue bolu, coklat

Tanpe lilin sing gonah didamu

Sebab ngelakoni urip ure kaye ngedamu lilin

Ure cukup mesalah sing nyantrogi

Peragat karo didamu


Wis tak siapaken

Kue bolu, coklat tanpe lilin

Sebab mesalah teke

Ure keuran waktu


Wis tak siapaken

Sekabeh mubat-mabit

Rencane sing tak susun

Disusun ulang ning Sing Kuase


Gusti tulung damu lelare

Sing ure keruan nyantrogi keluarge.


Serang, November 2022



DALAN DEMEN


Ning dedalan sing wis diliwati

Puluhan mesalah nyelandungi urip

Iring-iringan waktu bebalik ngemurniaken ati


Wis entek banyu mate

Demen sing mili

Ure keuwan aran

Kesel, marah bebanting

Ati keinget siji-siji lakon

Ure peragat mereteli keikhlasan


Siki arep tak buke

Dalan demen

Sing pernah kepepet lelare

Tak buke kelawan sadar diri

Lake dedalan sing murni

Lurus mulus ning dunie iki

Sebodo demen keperampagan takdir


Serang, November 2022


_______

Penulis


Nursiyah Faa, ibu rumah tangga lan buruh pabrik sing doyan ngewace buku.