Wednesday, June 5, 2024

Cerpen Jawa Banten Siti Fatimah | Nikmat sing Diembil Gusti Allah

Cerpen Siti Fatimah



 Sembarang cilik sampe kuliah Jamsiah urip dadi wong ayu ning Kota Serang. Uwonge etes. Sekolane ulih rengking siji bae, dadi kebanggaan guru lan wong tue. Jamsiah gawe berag wong tue kerane prestasine. Saiki wis gede, wis megawe. Tiap arep lunge megawe, Jamsiah ngelamun bae kepengenan due laki sing sejen kota, jerehe pengen ngerasakaken mudik. 


“Kite pengen lamun engko kawin due laki dudu wong Serang.  Gusti Pengeran, pengen rasane bolak-balik ning umah mertua iku,” Jamsiah ngomong dewek. Setiap pengen kawin, Jamsiah ngelamun ngebayangaken due laki sing adoh.  


“Jamsiah, subuh-subuh apik ngelamun bae sire kuen!” Ibu nyentak Jamsiah sing lagi ngelamun ning arep umah. Jamsiah kaget ngejelengkat, mesem-mesem, sembari ngembil anduk arep siap-siap megawe.


Jamsiah damele ning sekolahan, dadi guru. Guru prigel, masih enom, tapi kuru badane, jereh uwong mah badan ideal wadon. Tapi anehe, deweke tiap dipareki wong lanang, lake sing bener-bener arep ngawini, gagal bae. Sampe-sampe bebaturane pating khawatir ning Jamsiah, laju ngenalaken ning akeh lanang. Arane wong Serang, pating ngajaki ning dukun atawa ning wong pinter.


“Jamsiah, sire arep ning Abah Haji ore? Yuklah marani! Sire kuen endah cepet ulih jodoh,” jereh Uum, bature Jamsiah.


“Wis, Um, apiklah. Ane-ane bae sire mah ngajaki kite ning Abah Haji. Lagian lamun durung jodohe mah, ye gati, primen,” Jamsiah nyamber omongan bature.


Umur wis pas, kuliah uwis beres, ngajar uwis enak, ape maning sing digelati. Jamsiah terus kepikiran jodoh bae tiap dine sebenere. Deleng baturan wis pating kawin, ulih jodoh sing bagus-bagus, pegawean enak-enak. Ane perasaan iri. 


Wis sue Jamsiah mikir. Akhire gelem diajak bature ning Abah Haji gonah ngejaluk doe enteng jodoh. Sing Abah Haji kuen, Jamsiah dinean akeh amalan. Tapi pas warah ning wong tue, ibune marah ning Jamsiah. Sembari marah, ibune nean nasehat gonah Jamsiah sing lagi nangis mikiri nasibe. 


“Jamsiah, sing arane jodoh mah wis ditulisi karo Gusti Allah. Menuse mah cuma bise usahe karo ngedoe. Jodoh ning tangan Allah, lamun durung kependak jodohe, ye gati. Sabar bae, syukur apik ore kelingan,” Ibu sembari ngelus-ngelus Jamsiah.


Jamsiah akhire nurut ning wong tue. Lagi meneng bae ning tempat adem, eh kependak lanang kuasep. Lanang kuen bature Uum, sengaje arep dikenalaken karo Jamsiah. Sing kabeh doe Jamsinah, ane ning lanang kuasep iku. Lanang soleh, ore ngerokok, pinter, dudu wong Serang, anak kiai maning. Wis kien impiane Jamsiah.


“Alhamdulillah, Jamsiah, sirane wis sabar, makane ulih lanang sing mengkonon,” jereh Uum. 


Saking berage Jamsiah, sewise kawin pengen due anak sing akeh. Jamsiah karo lakine wis kaye pasangan ning tipi-tipi, romantis, cocok kuasep lan ayu. Tapi setaun, rong taun, telung taun, sampe sepuluh taun. Jamsiah karo lakine durung dinean keturunan. Wis akeh usaha gonah pengen due anak.


Jamsiah lan lakine tetep sabar nonggoni anak. Sing penting mah urip berag, rukun karo laki, dinean sehat, anak mah bonus. Setiap dine Jamsiah nean pikiran positip mengkonon bae ning pikirane. Sing sepuluh ngimpi, sing dikabulaken karo Allah, pasti nane siji loro nikmat sing diembil. 


“Jamsiah, wis sing sabar bae. Urip mah akeh ujiane. Sing penting sire kuen apik duwe pikiran ape-ape ning Gusti Allah. Ibu mah ore pengen nuntut akeh ning sire, sing penting sire sehat lan bahagia bae rumah tanggane,” jereh Ibu. 


Jamsiah sembari nangis, bersyukur ulih wong tue karo laki sing atine adem. Ibu lan anak kien nangis sekarone ning arep umah sore-sore. 


________

Penulis


Siti Fatimah, M.Pd., guru SMPN 1 Kosambi Kab. Tangerang.


Kirim naskah

redaksingewiyak@gmail.com