Wednesday, October 15, 2025

Puisi Jawa Banten | Makrifat Bayhaki

Puisi Jawa Banten Makrifat Bayhaki




Beras Kencur


Mang Dul lagi macul

Ditubruk macan tutul 

Getihe muncar-mancur

Ditambani beras kencur


2025



Bocah Polod Ngerewangi Sawah


Ngembang lan mendote wijil pari 

Ngebebungah jero ati

Sedurunge manuk-manuk mareki

Lan ngareni bocah cilik sewiji

Sing kekelangan kakang 

Beberekan sing nyerupe tembang


Kakang-kakang gagi mulihe

Pari si kakang entekkan manuk

Manuk deruk sing ngeruki

Manuk bondol sing ngeggondoli

Manuk peking sing nyangkingi


Serang, 2025



Cocot Loro Kependak Endas Loro


Wong wadon wakeh omonge

Aje diembil ati 

Sebab loro cocote


Wong lanang

Rungseb kelawan beberekan rabi

Kudu dipotel endase sing loro


Serang, 2025


________


Penulis


Makrifat Bayhaki, asli wong Begog, gelati picis ning Jakarta, rabine wong Tersaba. 



redaksingewiyak@gmail.com