Wednesday, December 29, 2021

Puisi Jawa Banten Nursiyah | Geludug Udan Angin | Wali | Ning Dedalan Pasar

 Puisi Jaseng Nursiyah




GELUDUG UDAN ANGIN


Sedurung cahye mingsor ning wewaton

Idinaken kite

Nyeluki sekabeh

Udan angin ngerebahaken wong-wong congkang

Ngebanjiri petak-petak kuasane

Rubuhaken sekabeh baleho iku!

Wong sing ulese gagah ayu

Hasil pepolesan saking duit rakyat sing

Kepangan omongan lan janjine


Sowek-sowek sekabeh poster!

Poto-poto wong-wong sombong

Ure inget sape deweke

Wakil rakyat sing ngumpet ning 

Buri deluwang anggaran


Gawe tuli selawase hei bayu bah!

Kuping-kuping sing dedengklekan

Ning suare rakyat

Diceluk alus tekang karo sepeker ure nekani


Ape maning iki?

Wong-wong sing pinter melintir pasal?

Geluduk, udan, angin tulung teke siki pisan!


Tiyase, 28 Desember 2021




WALI


Limang taun sepisan wali dipilih

Akeh wong-wong sing ngebeuwong-uwonge

Marek silaturahmi

Siji-siji ngedadak dadi santri

Lanang-lanang pade ngenggo peci

Wadon-wadon ngedadak kekudungan

Ngerurubi endas gonah aje kepanasan


Poto-poto ulese sing mesem semeramah

Ditempel-tempel ning tembok

Dipaku mantep ning wit-witan 

Iye teger barangemah gonah ngewedeni

Wong sing tuman ngelayab tekang munjuk bengi


Kaos oblong dibagi-bagi

Ure kelingan disablon cap merpati

Gonah sing ngenggo dadi wong suci

Mati-matian ngebelani calon wali

Sing embuh kuen arep ngulang terime gagi


Limang taun sepisan wali baru dadi

Kadang wali bengen maning bae sing dadi

Ngulang cerite demo kerasi

Sing demo wajib dikerasi


Kenang pasal lapis-lapis

Lapis aci lapis ketan sing bantet

Ure tumame rakyat cilik mangan lapis 

Bantet kekutuken

Sing moh-moh iku endak wali.


Selikur, 29 Desember 2021




NING DEDALAN PASAR


Serade kepiasem

Keinget bengen

Nane serikat kuli pabrik

Ngatur dedalan pas dine pasar


Wis sewulan 

Jugel senen kemis

Nyampe sepuluh wong

Ngenggu seragam serikat kuli pabrik

Tangan ngiwe-ngiwe


Lha embuh temen sire-sire iku?

Ngenakaken polisi nangkring ning kantor

Giyabage sire-sire iku!

Dudu pegawean ngatur dedalan

Atur merane aje sampe ane kuli

Kepanggang tekang geseng ure ulih santunan

Jereh wong lanang sing dagang jambu 

bol ning pinggir dedalan.


Ape sire-sire iku lake pegawean liane tah?

Aje kaye wong ketelimbeng

Pegawean numpuk ning meje

Ngembat pegawean polisi

Dusun sire iku!

Jereh wong wadon sing dagang kopi susu.


Tiyase, 28 Desember 2021




_____

Penulis

Nursiyah, kuli pabrik sing kadang-kadang nulis puisi.







Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com