Wednesday, March 2, 2022

Puisi Jawa Banten Oki Khaeri Rojab

Puisi Jawa Banten/Jaseng Oki Khaeri Rojab




Terate Layu


Nok

Umpame sampun telas rerasan sing sengen megar

Tingali mate kakang

Boten bakal telas nape sing sampun den tandur sereng kasih pengeran


Nok

Terate ayu 

Ing seluhure banyu

Kule padem sebab rerasan Nok kang layu


27 Februari 2022



Waktose Medek ing Kang Becik


Waktos niki 

Maring jejake sepontang

Seyogyane medeke sire sedanten maring Subki 

Prabu saking sedanten kakang 

Lan selulup sire sedanten maring samudra Syaroni 

Sampe ngebonten-wentenaken anggahote

Tetapine sedanten selulup kedah wenten Imam 

Dipuni bangkit kekace 

Bangkit antuk-antukan waktos mantuk


Lan kang untuk-antukan 

serte ngemenangaken 

Ing dalem wulan puase 

Nyatane wulan kang kaping kalih 

Saking masehi

Sepertos kali meneng ing duhure 

Lan rob ing sesor-e

Boten keidrok rahasiane 

Lan kang sering dipertakenaken 

Sareng rencangane


Sesampune sedanten den silahi

Saking awang-awang


Waktos niki dibukakaken 

Sedanten ghoib lan jagat ilmu


Saking banyu-banyu

Kang ireng tur kang putih


Saking lelinggihan

Lewat pertakenan lan nguace tingkah

Mangke bening kule rakse sesampune


Singarajan, Geriye Ende - Jogan Mang Agus, 25 Februari 2022



___

Penulis

Oki Khaeri Rojab, pemuda asli Singarajan, Pontang.





Kirim naskah:

redaksingewiyak@gmail.com