Wednesday, December 7, 2022

Puisi Jawa Banten | Oki Khaeri Rojab

Puisi Jawa Banten (Jaseng) Oki Khaeri Rojab




Sinten Kasihe


Tumibe saking kasih kang boten kuningan

Serte boten ayun duningi 

demen mantuk maring kedemen 

Nelike kang den demeni 

Boten bangkit den ukur

Boten ke ukur kelawan perkare

Atanapi pepaes ing dalem pikir andike

Sedanten kejabe saking akal menuse

Kewates aling-aling kang boten den wates

Kule alit

Andike alit

Nempati ing dalem antarane wujud gede

Mepeti pepet pepet kang ngumpet

Sedanten nilar

Sedanten den tilar

Dados badal lan ngebadali

Ambek boten ilang

Den gentos piambek anyar

Nerasaken keleresan ambekan 

Tetinggal sepuh lan ruh


Singarajan, 13 Jumad al-Awwal 1444


______

Penulis

Oki Khaeri Rojab, pemude paling gagah ning Singarajan.


redaksingewiyak@gmail.com