Wednesday, May 22, 2024

Cerpen Jawa Banten Diki Setiabudi | Urip Loman Ngegawa Berkah

Cerpen Diki Setiabudi 



Bengi kien cuacane mendung lan peteng. Persis kaye Sakim sing lagi murung ning amben bari nyekel sapu sade. Sakim, pemude saking Ciwuni dikenal bocah nurut ning emake. Sedine-dine, Sakim ngentekena waktu ngerawat emake sing geringan-geringan seentas abahe nilar dunia limang wulan ning buri.


Emake lumpuh teturon bae entas tibe ning pawon waktos ngangkati kayu gonah masak sedine-dine. Semenjak iku, emake teturon bae ning kamar. Sakim, anak siji-sijine sing urip lantaran kakange nilar dunia kena penyakit polio lagi cilik, ditambah penyakit panas lan ora due biaya bakal berobat, sampe kakange Sakim ninggal ora ketulung.


Ora kerase Sakim umure wis 24 tahun, tapi badane cilik kedelenge kaya umur sing masih 15 tahun. Akune jereh uwong saiki meh akibat ‘stunting’ alias gizi buruk. Sakim ngelamun bari inget kejadian deweke tas dihina Mang Kodir. Siji mangse, Sakim inget pisan pas lagi melaku ning dermage seentas ngangkuti kayu. 


Deweke ningali Markonah, anake Mang Kodir tibe lan ngejengking ning dedalan lantaran sepedahe ngejungkir. Bari nangis lan ngejaluk tulung ning Sakim. 


“Nong Markonah klimen ikune?”


“Aduh lare Kang Sakim. Kitane tas tibe lantaran ban arep sepedahe nerajang watu. Haduuh….” jereh Markonah kelaranen.


“Yuk dibantu tangine. Kin dianter ning umah enong enda diobati,” jereh Sakim bari ngedokon kayu gegawaane, terus Sakim ngebantoni Markonah ngadeg lan sepedahe, laju dianter ning umahe langsung. Sakim memang pemude sing baik lan loman najan wong ore due galah. Keadaan urip susah ore ngalangi bakal jiwa sedekahe lan ngebantu uwong miskin sing lebih susah sing deweke.


Setekane Sakim nganter ning umah Markonah., setekange ning kane, laju nongol bae Mang Kodir bapane Markonah metu bari ngucap kalimat sing ora disangka-sangka.


“Wih ane ape kih si Boncel iki lan anak kite? Anak kita Markonah tas diapakaken Cel!”


Jereh Mang Kodir bari tolak pinggang lan rade ore terime kedelenge.


Sakim kaget, teruse Markonah ngejelasaken.


“Abah aje laju muring bae geh, iki kang Sakim tas nulungi enong mau. Nong tibe sing sepedah, untung ana kang Sakim.”

 

“Wis manjing bae sirane. Si Sakim meh uwong ora due lan susah! Aje dipareki bokan nular kesusahe,” jereh Mang Kodir.


Ngerase harga dirine direndahaken, Sakim langsung ngejawab.


“Mang aje konon geh. Kite meh ikhlas nulungi Markonah, tapi lamun Mamang ngehina kaye konon kite meh permisi bae. Assalamualaikum ….”


Sakim langsung lunge kelawan ati sedih lantaran ngerase direndahaken ning Mang Kodir. Jadi ternyate iku sing jadi sebab Sakim ngelamun bae ning amben.


Banu ore disadari, kerungu ana sing ngucap salam. Sakim kaget lantaran sing ngucap salam iki suarane kaye Pak Haji Adun, uwong dikenal sing paling sugih ning kampunge. 


“Assalamualaikum… Sakim.” 


“Waalaikusalam, enggih Pak Haji mengkin....”


Jereh Sakim bari gasik arep ngebukakaken lawang umahe.


”Iye ding Sakim,” jerah Haji Adun.


”Meriki Pak Haji, katuran…” jereh Sakim bari ngebuka lawang.


“Kim, kulane merene kih arep ngegai picis bakal berobat emak nire ning Rumah Sakit Siloam Jakarta. Emak nirane kan endah cepet pulih,” jawab Haji Adun.


Sakim kaget lantaran deweke weruh yen Rumah Sakit Siloam Jakarta mah jerehe pade ngomong larang biayane.


“Kulane mimpi seentas solat, endah sempurna ibadah kih kon sodaqoh ning wong gering sing ngebutuhaken, tapi sirane aje kesinggung ye. Pak Haji jadi inget ning emak nire Sakim. Okon aje nolak, soale kulane wis nazar.”


“Enggih Pak Haji hatur nuhun. Kule mah boten nolak kebaikan Pak Haji.”


“Ye wis, kulane engko sore berangkate.”


“Alhamdulillah ya Allah. Allahu Akbar!” Sakim ucap syukur lan takbir.


Sakim atine jembar lan langsung inget bae ning omongan guru ngajine. Lamun uwong sing sabar lan ikhlas apa maning bari loman meh pasti bakal ulih pitulung sing ore disangke-sangke. 


________


Penulis


Diki Setiabudi, S.Pd., guru SMP Negeri 27 Kota Serang.


Kirim naskah

redaksingewiyak@gmail.com