Sabtu, 08 Januari 2022

Bab 2 | Samsiah & Jaidi | Sul Ikhsan

Ibune Jaidi Arep ning Arab






2013

 

1

Bebengian, wong lanang seumuran limelas tahun dodok ning buri pawon umahe. Kebeneran buri umahe wong lanang iku madep langsung karo kobakan sing pinggire ana tanduran kelapa. Wong lanang iku melangak ngedelengi langit sing padang akeh bintange. Banyu matane mili sembari tangane nguntalaken batu cilik-cilik ning kobak sing gawe iwak pada kecuek-cuek. Baranganu, ibune wong lanang iku marek lan ngelus-elus rambute.


“Lamun Ibu ora lunga ning Arab, Ding, Ibu ora sanggup nyekolahaken Jaidi. Wingi ana bi Murni marek nawari Ibu. Bakale lamun ibune lolos lungan ning Arab, ibu ulih komisi 13jt sing sponsor. Lumayan ulih gena daftar sekola Jaidi, karo sisane tuku motor bebekasan mah,” jere ibune ngerayu.


“Tapi Jaidi ora pengen Ibu lunga, Bu,” jere Jaidi. Banyu matane nyangkin deres.


“Ibu ngerti. Tapi Jaidi dipikir-pikir be maning. Iki gah gena masa depan Jaidi bisuk.  Jaidi kan weruh, megawe ning desa iku gati. Bapa nira megawene, ya ulih gena mangan sedina-dina doang. Panen ya ora due sawah. Melu panen ning sawah wong, ya setaun sepisan. Jere Jaidi pengen sekola ning negeri, pengen kuliah, pengen due keuripan kaya wong-wong.”


“Deleng gah kuh umah Jaidi. Genteng masih welit. Tembok dudu bata. Lemah dudu kramik. Lamun usim udan angin, selain bocor, ibu wedi umah iki rubuh. Ibu lan bapak ora bisa ngebangun umah iki ndah kaya wong-wong lamun ngandalaken pegawean bapa nira.”


Jaidi meneng bae. Jaidi sebenere paham kondisi keluargane. Tapi deweke ora bisa ngebayangaken urip laka wong tua wadon. Sapa sing ngeliwet, sapa sing ngumbah kelambi, sapa sing ngurusi umah. Jaidi pokone celelengen mikirine. Tapi lamun dipikir-pikir, aja maning gena sekola, mangan sedina-dina bae kadang-kadang masih kekurangan. Ibune bener. Lamun ora berangkat ning Arab, Jaidi kemungkinan ora due umah sing rada bagusan lan ora bakal bisa sekola ning negeri. Sekolahan sing dikepengeni Jaidi masalahe ana ning pusat kecamatan. Jarak sing umah Jaidi ning sekolahan kurang lebih sepuluh kilo. Otomatis bakale dudu bayaran sekola doang sing dipikiri. Lunga-balik jugul dinane, kelambi sekola, buku, lan tetek bengek keperluan liane. Barangmah ana sekolahan swasta sing parek ning desane, tapi Jaidi pengen ning negeri karena jere mah megawene bakale gampang lamun sekola ning negeri. Durung maning, Jaidi masih due adi wadon siji sing masih sekola SD. 


Ora sue, bapane Jaidi marek lan dodok ning korsi plastik sing warnane uis luntur sing ana ning pawon.


“Bapa gah barangmah berat, Ding. Tapi premen maning. Wong ora pati gemuh kaya keluarga kita mekenen, kudu wani berkorban. Lamun bapa ulih mah, angguran bapa sing lunga. Tapi ya ning Arab kuh keakehane butuh pembantu nyang ora supir. Ya bapak ora bisa nyupir, Ding.”


“Siki kita pada-pada iklas bae, Ding. Menai niat ibu iki lancar endah kita bisa due umah sing rada bener kaya wong-wong desa liane. Umah kita ora bocor wayah udan, ora rubuh wayah lagi usim angin. Ibu pengen ngedeleng Jaidi lan Marfuah sekola duhur, dadi wong, due keuripan sing bener, due pegawean sing enak, endah aja kaya bapak lan ibu sing gelo. Cita-cita iku ora bakal terwujud lamun ngandelaken pegawean bapak sing ora jelas iki, Ding,” jere bapane Jaidi rada ngegeter suarane.


Jaidi ambekan gede. Ati deweke nyangkin ajur ngerungu omongan bapane. Rasane nyelekit. Ndas lan dadane ibarat ditibani kelapa telung wiji. Gelem ora gelem, Jaidi kudu ngizinaken lan ngerelakaken ibune lunga gena cita-cita keluarga lan cita-cita deweke.


“Iyawis, Bu, Pak, Jaidi iklas. Menai Ibu sehat lan apa sing kita bareng-bareng kepengeni diizabah ning Gusti Allah.”


“Aaamiin,” jere ibu lan bapak Jaidi. Banyu mata ora kerasa mili ning seketelune.


2

Jaidi tinggal ning Desa Alang-Alang. Desa sing digencet karo Desa Lontar. Digencet iki maksude, ana pitung RT sing rerendengan. Telung RT liane ana ning seberang sing kudu ngelewati Lontar dimin lamun arep marani telung RT iku. Desa iki letake ana ning Kabupaten Serang, Banten sebelah Utara. Disebut desa agraris, ana ning pinggir pesisir pantai. Disebut desa maritim, ana sawahe. Jere pemerintah sing ditulis ning plang kantor desa mah, desa iki manjinge Desa Sekaya Maritim. Mbuh maksude apa. Wong desa gah laka sing ngerti. Masyarakate pada megawe jadi petani, ana sing nelayan lamun umahe parek laut mah, ana sing jadi buruh ning pabrik sing letake ning Cikande—ikugah endah ulih megawe ning pabrik kudu bayar puluhan juta. Lan wadon-wadone keakehan pada lunga ning Arab. Tapine, ora keleh akeh wong sing nganggure. Ning tiap RT, lamun dikumpulaken, sing nganggur iki bisa jadi gawe kampung dewek. Arane kampung Wong Nganggur.


Lamun mundur ning zaman kerajaan Banten, desa iki parek karo petilasan Sultan Ageng Tirtayasa lan Kiyai gede sing terkenal sedunia, Syeikh Nawawi Tanara. Tapi iku bengen. Siki mah daerah utara Kabupaten Serang iku ya terkenal karo TKW-ne, akeh wong miskine, akeh wong ora sekolane, akeh wong doyan kawine, akeh wong korupsine. Daerah iki gah sepanjang dedalane ana kali sing akeh sangkrah lan terkenal akeh wong adus, ngising, ngumbah piring, ngumbah kelambi ning kaline. Ana siji kali gede. Arane kali Ciujung. Tapi lebih tepate lamun siki, iku disebute dudu kali, tapi tempat pembuangan limbah pabrik.


Jaidi dewek tinggal ning RT 6. Bapane arane mang Mujidi. Umure seket tahun. Sekolane sampe kelas telu doang gara-gara bengene dikon sekola malah angon kebo. Megawene macem-macem. Kadang ngunjali pasir, kadang ning sawah lamun panen, kadang lamun lagi usim urang, ngejaring ning laut. Arep megawe ning pabrik ora due ijazah SMA. Ditambah, lamun ning pabrik, kudu bayar 17 juta. Jere Mang Mujidi, wong megawe arep gelati duit je malah dijaluki duit. Duit semono iku, jere Mang Mujidi, lamun ditukukaken beras, mi lan endog, ulih se-mobil trek.    


Mang Mujidi dewek seumur uripe ora elok lunga adoh-adoh. Paling adoh gah wayah gelati urang ning Lampung. Jadi akhire deweke due rabine tetangga dewek, arane bi Royanah. Bi Royanah dewek pada bae kaya mang Mujidi, ora lulus SD. Bengene tungkul ngintil ibune gelati pari lan beberuhun. Sing Mujidi lan Royanah ikilah Jaidi lan Marfuah lahir. 


  Untunge, Jaidi lan adine si Marfuah sekola rada duhur berkat mang Mujidi sing megawe mulak-malik. Jaidi mbeke lulus SMP tahun iki. Adine si Marfuah kelas 5 SD. Jaidi due cita-cita pengen sekola ning SMA negeri ndah bisa megawe ning pabrik, dudu endah pinter. Marfuah adine due cita-cita lunga ning Arab, endah ketuku hp sing ana musike kaya endak bibine.


 Ning kampung Jaidi zaman siki rada mending dibanding zaman ibu-bapane. Uis ngayah wong sekola, uis ana listrik, uis ana tower internet, uis akeh umah bagus, uis rada akeh sing due motor, uis pada due hp. Jaidi dewek umahe gubug sing temboke bide, gentenge welit, ora dikeramik. Cuma ana limang umah gubug ning kampung Jaidi. Sing liane uis pada bagus hasil lunga sing Arab. Jaidi ora due motor cuma due hp siji ulih utang ning tukang kredit, iku gah rerageman karo adine. Mangkane, ibune Jaidi, bi Royanah, kepengen ning Arab ndah bisa kaya uong-uong liane. Due umah bagus, due motor, due korsi bagus, due bupet gede, due tivi gede, due anak sing sekola duhur.


 

3

Seminggu seuise Jaidi ngizinaken ibune berangkat ning Arab, rengse megrib, Bi Murni, sponsor sing uis berpengalaman puluhan tahun ngeberangkataken uong RT 6 ning Arab iku teka ning umah mang Mujidi ngegawa surat persetujuan lan amplop sing isine duit 13 Juta. Mang Mujidi, bi Royanah, Jaidi lan Marfuah sing lagi pada nonton tivi kaget wayah ngerungu suara bi Murni.


“Manjing, Bi, manjing,” jere mang Mujidi.


“Iya, Mang, nuhun.”


“Duh ampura, Bi, laka korsi gena tamune. Fuah, jukut kelasa kah,” jere mang Mujidi. Fuah sing maune lagi teturon, langsung melayu ngejukut kelasa.


“Iya, Bi, ampurane lah. Jaidi tuku panganan ning bi Sati mana,” jere bi Royanah sembari ngegai duit ning Jaidi. Jaidi ngeloyong tuku panganan.


“Wih santai be sih, Mang, Bi. Wis Insyaallah menai Bi Royanah lancar endah bisa ketuku korsi,” jere Bi Murni.


“Aaamiin,” jere mang Mujidi lan bi Royanah.


Kelasa sing diembil Marfuah dibeber bi Royanah ning ruang tamu sing ukurane cuma muat gena kebo siji doang. Seketelune dodok ning kelasa iku. Bi Murni langsung ngebuka tas ngejukut berkas-berkase.


“Fuah, sira iku gale wong wadon ana tamu malah teturon maning. Ngembil banyu inung kah mana,” jere mang Mujidi. Marfuah langsung tangi maning, ngembil banyu inung.


 “Premen, Bi Murni?” bi Royanah tetakon.


“Alhamdulillah. Kesehatan bi Royanah fit. Insyaallah berkas lagi di urus. Siki Bi Royanah lan Mang Mujidi tanda tangan gena ana kontrak persetujuan. Ngko sekitar roro sampe telung wulan ana panggilan, mbeke bi Royanah bisa terbang. Sesuai janji sing dimin, iki ana duit komisi. Sekabehe 13jt. Digai 5jt dimin. Ngko sing liane, pas ana panggilan ya, Bi, Mang,” jere bi Murni. Bi Royanah lan mang Mujidi nyengir.


“Iya nuhun, Bi.”


“Diinung dimin, bi Murni,” jere Marfuah nyelang ngegawa teko sing isine wedang.


“Iya, Nong, nuhun.”


Ora sue, Jaidi teka ngegawa gorengan.


“Kih, Jaidi, ibu nira lolos tes kesehatane. Insyaallah nonggoni panggilan doang. Sirane bakale aja nakal. Dijagani adi nirane,” jere bi Royanah genah Jaidi sing lagi ngedokong gorengan.


“Iya, Bi, nuhun,” jere Jaidi sing ning atine lagi campur aduk antara seneng lan sedih.


“Bakale ibu ning Arab, Bu?” Marfuah tetakon.


“Iya, Nong. Nong bakale aja nakal ya. Ari masak sekul doang mah bisa ya, uis ibu ajari kaen. Naker banyune sepira je?” jere bi Royanah.


“Iya, Bu, bisa. Semene kan?” jere Marfuah sembari nuduhaken tengah-tengah penuduhe.


 “Bakale Nong tuku hp sing ana musike, Bu, ya.”


“Iya, Nong.”


“Karo kelambi inul, Bu, ya? Eh iya, pertelot 2B gala gena ujian.”


Mang Mujidi, bi Royanah, lan bi Murni ngekek. Jaidi ngekek setitik, baranganu merengut maning.

 


4

            “Jaidi due motor baru! Jaidi due motor baru!”


            Sariman, bature Jaidi ning kampunge geger muter-muter gang wayah motore Jaidi teka ning umahe. Jadilah wong kampung sing lagi ning umah pada metu lan marani umah Jaidi. Motore Supra X warna ireng pelate ijo. Ulih tuku 2,5 jt sing batur mamange. Motor iki sesuai karo apa sing uis dijanjikaken ibune lamun ibune lolos lunga ning Arab. Motor iku gena bolak-balik Jaidi sekola. Tapi Jaidi durung bisa nyetir.


 Waktu iku motor masih jarang sing due. Jadi wong kampung pada bedebuh lamun ana sing tuku motor. Ana sing nonggoni curakan duit, ana sing pengen weruh jenis motere, ana sing cuma maido lan ngejadikaken bahan omongan wayah rerubungan.


Setekane motor iku, langsung diselameti lan dicuraki gena diadohaken belaine wayah dienggoni sing duene. Rengse nyelameti karo juadah warna pitu, bi Royanah metu umah ngegawa bak sing isine duit receh sing didokoni sekul kuning lan permen. Bocah, wong enom, wong tua ngumpul lan bebekeran ning arep umah Jaidi. Curakan! Curakan! Suasana kampung dadi rame. Ngedeleng wong-wong uis teriwuh, duit sing jero bak kuen diremed ning bi Royanah baranganu diuntalaken ning wong-wong sing ana ning arep. Wong-wong guyuran, jejedogan, gemuyu, beberekan, ngejokoti duit sing diuntalaken bi Royanah. Cuma telung menit doang, duit sing ning bak cilik kuen ludes. Ana sing ulih limang ewu, ana sing ulih telung ewu, ana sing ulih permene doang, ana sing ora ulih pisan. Tergantung keberuntungan lan pengalaman melu curakan.


Seuis curakan, ana sing ngekek ngejekak-jekak, ana sing cerita ora menda-menda, ana sing ngedumel, ana sing merengut, ana sing nangis gara-gara keedek-edek. Jaidi dewek nyompok ning pojok lawang ngedelengi wong curakan. Baranganu matane ngalih ngedelengi motor.


Sorene, Jaidi belajar nyetir motor lan mamange ning lapangan kampung. Jaidi sing ning arep, mamange ngejagani bonceng ning buri.


“Kih, sekabehe gigine ana papat. Lamun arep manjing gigi, edek arepe. Lamun arep mundun gigi, edek buri,” jere mamange Jaidi.


“Yoh mulai. Puter kuncine. Nah, lamun huruf N iki murub berarti gigine kosong. Coba stater.”


“Srrrr…”


“Edek gigi arepe elon-elon!”


“Treek…”


“Kuh deleng nomor 1 sing murub. Artine gigi siji. Siki gas elon-elon, bakale edek arep ndah gigi roro.”


Bari tangane ngegeter, Jaidi narik gas motore elon-elon. Motor jalan elon-elon baranganu ngegereng.


“Edek siji maning sing arep ndah aja ngegereng!”


Lebah Jaidi ngedek gigi ke roro, gas ora diturunaken. Motor ngejumprit lan hampir ngejerunub lamun mamange Jaidi ora gencang-gencang ngejagani. Wong-wong sing lagi pada nonton ngekek ngejekak-jekak.


“Diturunaken dimin gase, Jaidi!”

 

5

Seminggu belajar motor, Jaidi uis serada bisa lan uis diulih ngegawa motor ning dalan gede. Ceritane, Jam 6 subuh, Jaidi dikongkon tuku uduk ibune ning kampung sebelah karena ning kampunge, wong sing biasa dagang uduk lagi gering.


 Wayah nyampe tukang uduk, deweke ngedeleng bocah wadon lan bocah lanang sing lagi maen raket ning lapangan pinggir wong dagang uduk iku. Jaidi sing uis limelas tahun, lan uis ngedueni rasa demen ning wong wadon, ngerasa ngegeter ngedeleng wadon sing lagi maen raket iku. Selawas uripe, Jaidi durung pernah mendak wadon iku. Wayah iku, wadon iku nggo kelambi olahraga, nggo kudung warna ireng. Deweke kagum ngedeleng wadon kekudungan. Jaidi ngerasa wadon iku ayune tulung urip. Matane bening lan indah, cungure rada mancung, lambene tipis, meseme manis legit, raine manis adem, badane bagus. Mata Jaidi ora obah-obah ngedelengi wadon iku bae lan mesem-mesem dewek senajan wadon iku ora nyadar bahwa ana Jaidi sing lagi ngedelengi deweke.


“Ding, uduke kih.”


“Ding, uduke kih.”


“Ding, uduke kih!”


“Eh..iya, Bi, ampura.”


Bersambung....

___