Saturday, January 29, 2022

Bab 4 | Samsiah & Jaidi | Sul Ikhsan

 Samsiah Weruh Aran Jaidi




 

***


1

            Bi Royanah matane banjir. Banyu matane neclek ning selembar foto sing lagi didelengi deweke. Foto iku isine deweke, Mujidi lakine, Jaidi lan Marfuah anake. Foto iku diembil wayah lebaran taun wingi. Deweke ngelus-elus foto iku sembari nangis kemesesegen. Ning atine sing paling jero, Royanah kangen ora ketulungan ning keluargane. Deweke pengen ngobrol lan ngekek-ngekek karo keluargane. Senajan mangan karo iwak tempe, deweke ngerasa berag tulung urip daripada mangan enak ning negara uong sing laka sanak laka dulur.   


            Uis hampir sewulan deweke ana ning Arab. Keuripan deweke berubah satus wolung puluh derajat. Mulai sing bahasane, panganane, cuacane, sifat wong-wonge, lan terutama umah sing ditempatine. Umah majikane gedene telung puluh kali lipat saking umah deweke ning desa. Kayane, kamar sing siki ditempati ning deweke iku gedene pada bae karo umahe. Siki Royanah lagi ngelonjor ning kasur gede sing empuk lan mbeke peragat megawe. Sembarang pertama nyampe Arab, wayah isirahat atawa rengse megawe, deweke ora ketinggalan ngelamun ning kamar, nangis kemesesegen inget wong-wong sing ana ning umah. Pengen rasane, seora-orane, ngobrol lan keluargane lewat telepon, tapi deweke durung weruh apakah ulih maen hp dewek apa ora ning majikane. Jadigah tiap dina, rengse megawe, pegawean bi Royanah nangis nyampe matane merem dewek.


Soale lamun ngerungu cerita-cerita wong kampunge sing ning Arab keakehan laka sing ulih nyekel hp. Jere mah bakale megawene akeh malese. Lamun arep ngehubungi keluarga ning umah, kudu nggo hp majikan. Tapi bi Royanah durung wani. Deweke masih durung biasa. Ditambah maning, karena mbeke lunga sebalen ning Arab, deweke durung bisa ngomong Arab. Deweke lamun ngobrol karo majikane masih nggo isyarat tangan lan cangkem. Pada bae lamun deweke diperintah ning Majikane, Royanah nuruti apa sing diperagakaken majikane lewat cangkem atawa tangan. Untunge majikane ngerti lamun Royanah durung bisa ngomong Bahasa Arab.

 

2

 

            “Surat apa ikine, Jaidi?!” jere bapane wayah mendak surat ning kantong kelambine si Jaidi sing arep dikumbah ning bapane. Jaidi sing lagi ning kamare langsung tangi melayu marani bapane. Deweke ora kelingan surat panggilan sing sekolah iku galemah ana ning kantong kelambine.


            “Dudu surat apa-apa. Bapa iku mah wong kelambine masih di nggo je ngko subuhe arep dikumbah bae,” jere Jaidi kewedinen lan ngarep surat iku durung keburu dibaca ning bapane. Tapi wayah deweke uis nyamperi bapane, bapane lagi ngebaca surat iku. Jaidi langsung ngegeter ngedeleng rai bapane sing uis abang menyor. Rengse ngewaca surat iku, bapane melotot ning Jaidi.


            “Kudu mbeke dina pertama manjing sekola tah heh?! Gawe masalah apa sira ning sekolahane sial?!” bapane marah ora ketulungan. Jaidi meringis meneng bae. Marfuah sing lagi ngumbah piring ning pawon langsung melayu nyamperi bapane sing lagi marah ning Jaidi. Tapi Marfuah ora wani ngomong apa-apa. Deweke meneng bae, mengped ning lawang pawon.


            “Sira mah laka nuhune. Ibu nira ning Arab gena sekola sira. Ibu nira pengen sira aja kaya wong tua nira sing gelo, sing ora sekola. Durung apan-apan, sira uis gawe masalah mekenen iki,” jere bapane. Rai bapane kaya kecewa. Jaidi masih meneng bae.


            “Jawab gelo!”


            “Kitane, eee, ora sengaja ngejorogaken, eee, anggota osis wayah upacara.”


            “Masalahe apa maune sirane? Sirane arep jadi jagoan tah dolog!”getak bapane. Surat sing dicekeli bapane langsung ditabokaken ning raine Jaidi. Jaidi nungkluk lan nangis kemesesegen.


“Reren be ya sekolane. Ngejaring be ning laut kah ya!” getak maning bapane. Sembari ngeloyong, surat sing masih dicekeli ning bapane ditabokaken pisan maning ning raine Jaidi. Jaidi masih nungkluk lan banyu matane mili. Deweke kaget ngerungu lawang digabrugaken ning bapane. Fuah sing masih mengped ning lawang melu nangis ngedeleng kakange Jaidi.


Ora sue, Sariman manjing ning umah Jaidi. Sariman ngerasa kerunya ngedeleng Jaidi dodok nyekeli ndas sembari ngacak-ngacak rambute. Deweke baranganu dodok ning pinggire Jaidi.


“Gale bisa keweruhan surate, Boy?” takon Sariman.


“Kita ora kelingan surate tak dokon ning kantong kelambi. Wayah kelambine arep dikumbah bapak mendak surat iku.”


“Baranganu sirane diapakaken, Boy?”


“Biasalah bapak kita lamun soal sekola mekonon iku peragat be kitamah, Man,”


“Iya, yah, kaya lagi zaman SMP, sira gulet karo si Pardi kah, sira sing ditempilingi ning bapa nira.”


“Iya mekonon. Ya premen maning lah. Percuma dijelasaken gah, Man. Bapa kita mah lamun tentang sekola kuh ora ampun-ampunan, apa maning berhubungan karo surat peringatan mekenen iki. Wuh ajur be kit amah.”


“Wis lah sing sabar bae, ngko lamun uis rada ademan kuh mbene ngomong maning. Mau gah kependak kita ning arep umah kuh nakon bapa nirane.”


“Baranganu sira jawab apa?”


“Lah iya tak jelasaken bae apa sing uis kejadian ning sekola.”


“Apa je bapa kitane?”


“Ora ngomong apa-apa. Langsung ngeloyong.”


Jaidi meneng. Sariman meneng sembari ngedelengi umahe Jaidi sing awur-awuran, perabah sing pada ngegeletak lan nyantol ning ndi-ndi, keramik sing bala lan akeh tai berite.

 

3

 

Sembari ayum-ayum—ngebeneri jaring sing pada sowek, Mujidi ngelamun. Ning jero atine, deweke sebenere mah ngerasa nyesel uis nempilingi Jaidi karo surat. Tapi ning sisi lian atine, deweke ngerasa kecewa ning Jaidi. Deweke ora pengen Jaidi dadi wong sing ora bener. Harapan Deweke Jaidi sekolah duhur ndah Jaidi dadi wong pinter lan bisa ngangkat derajat keluargane sing dolog lan musakat. Sembari tangane ngotak-atik jaring sing acak-acakan, ati lan pikirane memeluan acak-acakan.


“Kih kopine, Bah,” wong wadon seumuran limelas tahunan teka ngegawa kopi lan pepanganan ning nenampan. Juragan Yanto, mang Alimin, mang Mujidi nyelingok.


“Iya nong dokon ning kono be. Kuh, Mang Mujidi, anak perawan kita kuh,” jere juragan Yanto ning mang Mujidi.


“Kudu ayu tah, Mang,” samber mang Alimin.


“Oh ikitah nong Samsiah iku?” takon mang Mujidi.


“Iya, Mang hehe,” jawab Samsiah mesem.


“Sekola ning SMA negeri kecamatan, Nong?”


“Iya, Mang.”


“Ragem anak mamang ikumah.”


“Sapa kaen, Mang? Lanang tah wadon?”


“Lanang. Si Jaidi.”


“Duh, Mang, ora kenal Siah mah. Wong mbeke manjing pertama lagi subuh je.”


“Iya aman. Iya wis  sing bener nong sekolane. Menai dadi wong sukses.”


“Aamiin, Mang, nuhun. Siah manjing dimin ya, Mang, arep ngumbah piring.”


“Iya konon gah, Nong, wong wadon mah,” samber mang Alimin. Samsiah mesem.


“Nurut ari anak kit amah, Mang. Ning umah kuh ngebantoni masak, ngumbah piring, ngumbah kelambi. Kayane kebiasaan ning pondoke diajari mekonon ya,” jere Juragan Yanto.


“Iya teger. Uis mah ayu, nurut ning pawone. Anak tetangga kita kuh, Juragan ya duh, ngejengkelaken ngedelenge. Uis gede ora bisa ngumbah kelambi dewek. Komo masak mah aman. Mules tulung urip. Jugul dinane dedolan bae ora kependak puguhe. Sapa bocah lanang sing gelem ning wadon mekonon iku. Kita mah ora kesed,” jere mang Alimin ketus.


“Gati bocah wadon zaman siki mah, Mang. Anak kita gah kuh si Fuah, lamun ora campur getak mah duh kelasad-kelosod bae. Jere kit amah sing cilik bebelajar. Iya gena badan dewek iki. Siki mah kuh laka ibune sebodo. Kaya kelambine dewek, ora obah kuh ya laka sing ngumbahi,” sambung mang Mujidi.


“Garan kuh anak kit amah tak pondokaken, Mang, ndah bisa mandiri dewek. Wong lamun melu nuruti lingkungan ning kene mah ngerisikaken,” jere juragan Yanto.


“Iya wih beneran ora ketulung. Bebocahan pada pepacaran bae pegaweane. Bebocahan akeh sing meteng dimin. Wis lah ngopi dimin. Kuder, Kang Mujidi,” jere mang Alimin.


Sembari gawe kopi, mang Mujidi kepikiran arep nakon masalah surat si Jaidi ning anake juragan Yanto. Tapi deweke ngurungaken niate lantaran isin bokan keweruhan si Jaidi nakal.


Samsiah sing lagi ngumbah piring ora puguh-puguh kepikiran aran Jaidi. Deweke ngerasa kaya pernah ngerungu aran iku, tapi ora kelingan ning ndi. Diinget-inget, deweke baranganu kelingan. Wayah deweke sadar ntes pingsan ning sekolahan ika, ning tangane ngegegem deluang. Samsiah ora weruh deluang iku sing sapa. Lamun ora salah mah ana aran Jaidi ning kono soale deweke ngewaca sedelet tulisan sing ana ning deluang iku. Tapi wayah sadar iku, deweke cuma ngedeleng ana Wandi, ketua OSIS, lan wong wadon roro.


Seuise kelingan, Samsiah ninggalaken kumbahan piringe sing durung rengse. Samsiah langsung ngeloyong ning kamare ngejukut deluang ning kantong kelambine. Pas diwaca, ning deluang iku ana tulisan : Samsiah pingsan kena bola basket. Jaidi (083890506070)

 

 

4

 

Jaidi lan Sariman dodok wong roroan ning buri umahe Jaidi. Jaidi masih ngelamun mikiri apa sing mau uis terjadi sembari tangane nguntalaken watu cilik-cilik ning kobakan sing ana ning buri umahe iku. Kadang-kadang matane ngedelengi hp-ne, nonggoni sms manjing. Sariman dewek lagi sibuk mesem-mesem dewek sms-an karo batur sekola barune.


“Oh iya, Boy, gale mah iya. Bakale ana turnamen bola,” jere Sariman ngebuka obrolan.


“Dih iya tah? Ning ndi?” takon Jaidi keberagen.


“Ning desa sebelah. Tapi mbuh kapan-kapane durung weruh. Ngerungu be.”


“Melu dih. Latian lah. Uis lawas kih ora melu turnamen,” jere Jaidi.


Baranganu matane Jaidi langsung ngedeleng hp maning soale hp-ne muni. Deweke kecewa ngedeleng sms iku sing operator.


“Kelimen sih, Boy? Nonggoni sms sing sapa sih resah temen.”


“Sapa tah wih pengen weruh bae,” jawab Jaidi ketus.


“Wadon sing lagi pingsan dibopong kaen tah? Hahah,” Sariman ngekek.


“Setor haha. Iya kih, Man.”


“Lah sira gah sing sms dimin, Boy. Masa sih wong wadon sing arep sms dimin.”


“Masalahe kita ora due nomor bocahe, Boy.”


“Lah premene? Emange bocah wadon ikune due nomor sira tah?”


“Jadi kenen. Wayah ning UKS kuh ya, kita nyatet nomor dewek terus tak gegemaken ning tangane meneng-meneng. Soale kitane dikon langsung metu ning si Wandi OSIS kah. Kesel garan gah kitane ning si Wandi kuh. Sok berkuasa bocahe. Jere deweke mah ndah didarani deweke sing nolongi jigah.”


“Hahaha. Lah sirane sok romantis temen, Boy. Tenang be sih. Kan ana bature sing weruh sira sing ngebopong bocah wadon iku. Pasti wewarah lah.”


“Iyasih. Menai be lah.”


“Arane sapa emang?”


“Samsiah. Sekelas maning karo kita duh.”


“Lah enak. Wis ngko subuh langsung dijaluk nomore. Hahaha.”


Jaidi melu ngekek sembari ning jero atine muni beledag-beledug.

 

        

5

 

“Dikumbahi dewek kuh kelambi sekola, sepatu segalane. Iya be mau mah ana ibu nira. Sekola sing bener. Pinter mah gena dewek,” jere bapane Jaidi ngadeg ning arep lawang sembari ngedelengi Jaidi lagi nggo sepatu.


Bapane Jaidi uis ora marah maning. Arane wong tua, lawang maaf gena anak iku ora bakal ketutup senajan anake salah kaya apa Bae.

 

“Assalamu'alaikum,” Sariman teka nyusul Jaidi.

 

“Waalaikumussalam,” jawab Jaidi lan mang Mujidi.

 

“Kuh Sariman, gena banda inget, aja nakal sekolane. Lamun si Jaidi nakal wewarah ning mamang,” jere Mujidi.

 

“Iya, Mang,” jawab Sariman.

 

“Kih sangune. Bensin mangewu, gena memangan sepulewu,” mang Mujidi ngegai duit ning Jaidi.


"Nuhun," jere Jaidi ngejukut duit iku bari salaman, "Surate, Pak?" sambung Jaidi.

 

“Surat apa?”

 

“Surat lagi wingi kah kudu ditandangani ning wong tua jigah.”

 

“Wih, tandatangani be ning sira. Bapa mah ora bisa tanda tangan,” jere Mujidi

 

“Premen tah tandatangane, Pak.”

 

“Nduh gah pulpene.”

 

Jaidi gegeradah pulpen baranganu nyaken pulpen ning bapane. Bapane nandatangani surat iku. Tanda tangane mirip kaya ceker ayam. Jaidi ngetokaken motor. Sariman baranganu bonceng ning motor Jaidi wayah motore uis metu. Lebah arep jalan, Rosinah sing buri beberekan.

 

“Jai Melu sih.”

 

“Astagfirullah. Lah arep bonceng telu Tah?” jere Jaidi kesel.

 

“Bapa nirane ning ndi?” takon Sariman.

 

“Bapa kitane lagi gering. Mamang kitane lagi ngoyos ning sawah. Kitane kan ora bisa ngegawa motor. Uis sih bonceng telu gah orapapa.”

 

“Ajak Jai kerunya. Ros, taboken Jaidi lamun nakal,” jere mang Mujidi.

 

“Tenang, Mang, tak gedig pokone mah.”

 

“Yu gah. Sangkut bae lah,” Jaidi muring.

 

Rosinah nangkring ning buri. Motor Jaidi mendeot. Ora sue, motor Jaidi jalan nerabas embun subuh sing atise nyerecep ning badan. Ning dedalan, pikiran Jaidi ngebayang-bayang bakale dina iki kependak Samsiah lan ngejaluk nomore. Deweke ora sabar tekang sekolahan. Apa maning deweke uis weruh Samsiah Batur sekelase.

 

Nyampe sekolahan, Jaidi buru-buru melayu ning kelas. Seuise ning kelas, Jaidi ngedeleng kelas uis rame. Deweke ngedeleng Samsiah dodok ning bangku bagian tengah ning paling arep karo bature. Tapi karena Samsiah durung weruh Jaidi iku wonge ndi, Samsiah biasa bae wayah ana Jaidi manjing. Jaidi dodok ning bangku kiwe urutan ketelu.

 

“Jaidi,” Jaidi nyalami batur bangkune.


“Rakman,” batur bangkune nyalami balik Jaidi lan nyebut arane.

 

Jaidi dodok lan ngedelengi bae Samsiah sing lagi ngobrol karo bature. Atine ngederagdag ngedeleng Samsiah mesem. Barangmah 30 menit maning wali kelas manjing gena perkenalan. Cuma Jaidi ketelimbeng campur wedi campur isin arep kenalan karo Samsiah. Deweke akhire pura-pura ning toilet ndah bisa lewat ning arep Samsiah. Harapan deweke menai Samsiah uis weruh Jaidi lan nyapa deweke. Wayah deweke lewat ning arep Samsiah, Samsiah kedeleng biasa bae. Ora sue, Jaidi manjing maning, baranganu metu maning, baranganu manjing maning, sampe limang balen. Samsiah tetep kedeleng meneng bae ora open ning Jaidi setitik acan.

 

Karena ngerasa usahane sia-sia, Jaidi isin dewek arep metu maninge. Soale batur dodoke ketelimbeng ngedeleng gelagat Jaidi. Apa deluang sing digegem Ika ora dideleng ya? Apa bature laka sing wewarah tah ya?. Jere Jaidi ning Jero atine.

 

Telung puluh limang menit berlalu, wali kelas wadon manjing kelas.

 

“Assalamu'alaikum, Anak-anak!” jere wali kelas.

 

“Waalaikumussalam,” saut sekabeh siswa ning kelas iku.

 

“Perkenalkan nama ibu Mulyanah. Kalian boleh panggil Ibu, Bu Mul. Selamat datang di SMA Negeri Kecamatan. Selamat datang juga di kelas sepuluh dua. Setahun penuh ini, kalian semua berada dalam tanggung jawab Ibu. Hari ini ibu pengen kalian memperkenalkan diri agar kalian dan ibu saling mengenal. Karena tak kenal maka tak sayang. Kalian sebutkan nama, asal sekolah, tempat tinggal dan cita-cita kalian.  Perkenalkan akan ibu urut sesuai absen. Bisa?”

 

“Bisa, Bu!!!”

 

“Setelah itu, ibu akan pandu kalian memilih KM dan jajaran kelas untuk memudahkan administrasi selama proses belajar setahun ke depan. Kemudian ibu akan sampaikan tata terbit dan kebutuhan lainnya. Siap?”

 

“Siap, Bu.”

 

Perkenalan siji-siji dimulai sing absen abjad A. Bari ngerongokaken wong sing lagi ngenalaken diri, mata Jaidi nyolong-nyolong pandang ning Samsiah. Senajan cuma kedeleng pinggire, ati Jaidi rasane adem.

 

Lebah wong kepapat sing kenalan, lawang kelas ana sing ngetrok lan ana bocah wadon ngomong salam

 

“Waalaikumussalam. Iya, masuk,” jere Bu guru Mul.

 

Wong sing ngetrok manjing. Jaidi kaget sing manjing iku ternyata si Rosinah. Rosinah raine pucat kaya ntes nangis. Rosinah nyamperi Bu guru Mul lan nyalami.

 

“Ibu, Maaf, sayanya Ros, mau ketemu sama Jaidi. Sayanya mau izin minta anter Jaidi ke rumah saya. Bapanya saya, ninggal,” jere Ros nahan nangis.

 

“Inalillahi wa innailaihi rojiun,” jere Bu guru Mul. Jaidi kaget ora ketulungan ngerungu kabar sing Rosinah.

 

“Mana yang namanya Jaidi?” takon Bu guru Mul.

 

“Saya, Bu,” Jaidi ngacung. Setengah ora nyangka, Samsiah nyelingok ning Jaidi. Ikulah pertama kali deweke weruh bahwa lanang sing pernah deweke deleng diseret-seret OSIS lebah upacara, lanang sing ngebopong wayah deweke pingsan, lanang sing mau Samsiah delengi bulak-balik limang balen ning arep bangkune iku ternyata arane Jaidi.