Saturday, January 15, 2022

Bab 3 | Samsiah & Jaidi | Sul Ikhsan

 Jaidi Kependak Samsiah





***


Subuh-subuh, umah Jaidi kebek wong nangis. Jaidi lan Marfuah nangis gegeluntungan ning esor tivi cecelukan aran ibune sing lagi ngeberesi kelambi ning koper. Ibune ora sanggup ngomong apa-apa. Ning atine ripuh. Lamun diibarataken atine bi Royanah kaya ombak laut sing nerajang watu.  Dulur bi Royanah pada meluan ketuon lan nangis ngedeleng Jaidi lan Marfuah. Mang Mujidi dodok ning korsi. Deweke ora nangis, tapi raine abang. Sebenere ning atine, mang Mujidi nangis ngegerung-gerung. Geludug jegar-jegur, kekilat ceprat-cepret, udan bedebuh, angin puting beliung kebek ning atine. Cuma karena deweke wong lanang, ditambah uis tua lan ngerasa dadi kepala keluarga, deweke isin arep nangise. Tetangga pada ketuon ngedeleng kejadian iku. Walaupun kejadian mekonon iku sering terjadi ning kampung iku lan bakale ora berlangsung sue, tapi tetep bae, laka sing bisa kuat ngelepas lungane wong sing paling disayang.


Dina iki, bi Royanah, ibune Jaidi arep berangkat ning Arab Saudi dadi pembantu. Cuma nonggoni rong wulan doang, bi Royanah ulih panggilan sing calon majikane. Wayah mubil jemputane teka, umah Jaidi sing rombeng iku nyangkin kebek diisi tetangga lan dulur-dulure. Bi Royanah, Jaidi, Marfuah, lan mang Mujidi lelangkuran sembari nangis kemesesegen ragem-ragem.


“Menai eman majikane, Nong. Aja ora kelingan gai kabar ning umah. Kekirim telung wulan sepisan mah gena bayar sekola bocah-bocah,” jere mang Mujidi elon-elon. Bi Royanah nyangkin keket ngelangkure.


“Bu, nong melu be ya. Nong pengen weruh Arab,” jere Marfuah.


“Aja. Nong ning kene bae. Baturi bapak. Ngko gede nong lunga ya ndah weruh Arab,” jere mang Mujidi.


Jaidi ora ngomong apa-apa. Deweke nungkluk bae sembari nangis sejero-jerone.


 Ora ketinggalan, bi Royanah ngelangkuri dulur wadon, dulur lanang, lan tetanggane sembari nitip Jaidi lan Marfuah. Bi Royanah nyered-nyered koper, dadah-dadah ning sekabeh uong sing ana ning kono baranganu manjing mubil. Suara wong nangis nyangkin kenceng wayah mubil sing ngegawa bi Royanah jalan ninggalaken gang RT 06.


Sedurung lunga, bi Royanah uis nyiapaken segala-galane. Jaidi uis didaftaraken ning sekola negeri lan uis ditukukaken pekakas sekolane. Duit komisi sing liane, gena ngebeneri umah. Ditukukaken welit anyar, bide anyar, keramik, mesin cuci, lan kasur anyar. Jaidi dewek due motor, wokmen, lan hp nokia. Bapane, mang Mujidi, tuku piyama, sarung wadimor, lan sandal carvil. Adine, Marfuah, tuku kelambi inul, boneka berbi, lan pertelot 2B. Keluarga mang Mujidi kedeleng sing jaba mah uis rada mendingan. Sing ora kedeleng ning wong lian iku jero atine. Jero atine bi Royanah, jero atine mang Mujidi, jero atine Jaidi, jero atine Marfuah. Umah mang Mujidi emang uis kedeleng rapi lan akeh pekakas anyar, tapi suasana sing bengen kaya kumpul-kumpul keluarga, susah-seneng ragem-ragem, lan keangetan keluarga iku ilang, lan laka sisane setitik-titik acan. Sing ana kari ketuone doang. Premen-premen gah, mending mangan uyah karo keluarga dibanding mangan ayam pedewek-dewek. Mending ketiban kelapa ning negara dewek, daripada ketiban duren ning negara uong.

 

2

“Kang, tangi, Kang?! Ditonggoni Kang Sariman ning jaba kih, sekola ora jigah!”


Jaidi jenggelak tangi lan ngedeleng adine uis rapih nggo kelambi sekola.


“Jam pira ikine, Fuah?” Jaidi tetakon sembari ucek-ucek mata sing kebek belek lan pepered lambe sing kebek iler.


“Jam 7. Kitane lunga sekola dimin. Memuluke ning duhur meja. Bapane uis lunga megawe. Sangune ning pinggir tivi,” jere Marfuah bari ngeloyong.


Jaidi pelanga-pelongo. Setiap tangi turu deweke masih kekatonen suara ibune lamun nangekaken. Pemberasane kaya masih ana ibune ning umah iku. Uis seminggu deweke ditinggal ibune. Dina iki manjing sekola pertama.


“Man, panasaken be motor kitane dimin. Kita arep memuluk lan adus dimin,” Jaidi ngebeker sing kamare.


“Setor gagi gah, upacara iki dih!”


Jaidi langsung melayu marani pawon. Nyampe pawon, deweke ngedeleng pawon acak-acakan. Piring numpuk durung dikumbahi, kelambi pada nyantol ning ndi-ndi, pendil lan kenceng ngegelempang, sesewet celekcekan. Persis kaya kapal ajur. Wayah matane ngedeleng meja, ana sekul goreng rong piring. Sing sepiring bekas Marfuah ora entek, sing sepiring masih kebek. Jaidi ngejajal sekul goreng iku, baranganu langsung ngelepehaken sekule wonganan rasane asin, pait, lan rada kecut.


Jaidi lan Sariman akhire disetrap gara-gara Jaidi kendo lan terlambat limang menit. Dudu cuma deweke, ana wong limelas sing terlambat wayah upacara iku. Kelas sijine ana Jaidi lan Sariman doang. Sing wong telulas kelas roro lan telu. Jadigah limelas uong iku barise sejen dewek karo murid liane. Murid liane mah ning bagian tengah lapangan upacara, sing terlambat iku dibarisaken ning arep gerbang lan didokoni pepatok ning arepe “MURID TERLAMBAT”. Ning barisan wong terlambat iku, ana wong roro anggota OSIS sing ditugasaken nyeramahi wong-wong sing terlambat.


“Mbeke dina pertama manjing be uis pada mekenen iki. Apa maning seteruse. Sira-sira iki pada niat arep sekola ora sih?!” getak anggota OSIS.


“Iya,” jawab ragem-ragem memalesan. Sariman kewedenen. Kelas roro lan telu cengar-cengir doang. Jaidi ora ngerongokaken lan malah nungkluk. Atine melayu-melayu mikiri umah, mikiri Marfuah, mikiri bapane, mikiri ibune.


“Coba ana kelas sijine laka?!” takon anggota OSIS iku bari ngegetak.


“Kita, Kang,” Sariman ngacung. Jaidi masih meneng bae.


“Sapa arane?”


“Sariman, Kang,” suara Sariman ngegeter.


“Wong siji doang?”


Jaidi masih ngelamun durung ngacung-ngacung. Sariman nyenggol-nyenggol Jaidi. Baranganu Jaidi ngangkat raine lan ngangkat tangan tengene. Jaidi kaget waktu deweke ngangkat raine, Jaidi ngedeleng wong wadon sing pernah dideleng waktu deweke tuku uduk ana ning barisan paling pinggir sing langsung bisa dideleng Jaidi. Jaidi ora nyangka wadon iku sekolane ragem karo deweke. Jaidi berag.


“Sapa arane sira?!” getak anggota OSIS ning Jaidi.


Jaidi ora ngeladeni lan masih mesem-mesem fokus ngedelengi wadon iku. Anggota OSIS sing ngedeleng Jaidi mesem-mesem dewek iku ngerasa diledek. Anggota OSIS iku ngeberek ning parek kupinge Jaidi.


“Woy! Sapa aran sira?!”


Jaidi kaget lan reflek ngejorogaken anggota OSIS iku sampe kedupruk. Barisan wong-wong sing terlambat iku jadine geger lan pada ngekek ngedeleng kejadian iku. Sariman nyangkin keweden-weden.


“Woy masih kelas siji be wanten sira iki!” anggota OSIS sing sijine langsung nyekel badane Jaidi. Anggota OSIS sing kedupruk kaen tangi melu nyekel lan nyered badane Jaidi.


“Gawa bocah iki ning ruangan!”


“Ampura, Kang, ora sengaja. Kakange iku bebekeran ning kuping kita,” jere Jaidi santai ora gelem digawa ning ruangan karena ora ngerasa salah.


“Sirane arep jadi jagoan tah? Sirane wanten tah ning kita heh!” jere anggota OSIS sing kedupruk iku bari ngejorog-jorogaken Jaidi.


Wong-wong sing ning barisan pada ngompori Jaidi gena ngelawan. Sariman meneng bae.


“Dudu wantene, Kang, ora sengaja,” jere Jaidi bari mesem.


“Tarik, Kang, gawa ning kantor be!” jere anggota OSIS liane sing pada marek.


Murid-murid lan guru-guru sing ana ning barisan lapangan upacara pada nyelingok ngedeleng keributan sing ana ning arep gerbang iku. Jaidi akhire gelem digawa ning ruangan. Waktu Jaidi melaku disered ning OSIS, deweke nyangkin didelengi ning murid-murid lan guru-guru karo tatapan sing kesel. Jaidi langsung nungkluk. Barang deweke ngangkat raine, wadon sing pernah dipendaki deweke kebeneran lagi ngedeleng Jaidi disered. Mata Jaidi lan mata bocah wadon iku kependak sedelet. 

  

3

 

Ning duhur perahu, mang Mujidi ngambat jaring. Tangane mah narik jaring, tapi matane mah natep kosong ning laut sing amba. Ati lan ndase ngelayab mikiri Royanah rabine sing uis seminggu durung ana kabar. Lamun jere wong enom mah, deweke ngerasa kangen. Mang Mujidi  jadi bidak ning Juragan Yanto sing due perahu karo mang Alimin bidak sijine sing ngebaturi. Juragan Yanto lan mang Alimin ngedeleng kerunya ning mang Mujidi. Mang Alimin dewek sing rabine pada bae lagi ning Arab akhire negor.


“Kang, Teh Royanahe uis ngabari tah?”


“Durung iki, Min. Arep dihubungi sing kene ora due nomore kakange. Tapi Royanah uis nyatet nomor Jaidi barangmah, tapi ora nelepon-nelepon uis seminggu luwih,” jere mang Mujidi. Mang Mujidi baranganu nyelingok ning mang Alimin, “Lagi rabi nira sih, Min, premen?”


“Pada bae, Kang, lagi ibune bocah-bocah mbeke lunga kuh, sewulan luih ora nelepon. Kita gah keketroken duh. Tapi baranganu nelepon nggo nomor Arab, nomor majikane jigah. Kan rabi kita mah ora diulih nyekel hp,” jere mang Alimin.


“Wis ditonggoni bae, Mang, sing sabar,” juragan Yanto nyaut.


“Iya kih, Juragan. Barangmah lagi kekatonen be doang.”


“Laiya iku mah wajar, Kang,” jere mang Alimin.


“Sing biasane balik miang, mangan uis disiapaken, segala-gala beres, kelonan kari kelonan, ikimah duh sepi tingtring umah gah. Bocah-bocah ngejelengut bae,”


“Wis menai lancar bae, Mang. Mamange sing kuat,” jere Juragan, “Aih ari si Jaidi sekola ning ndi?” sambung Juragan.


“SMA negeri ning Kecamatan kah, Juragan. Gati bocahe njuke ning kono bae. Ari jere kita mah ning desa bae ya ndah parek,” jere mang Mujidi.


“Wih arane gah wong enom pengen lelungan. Anak kita gah pada bae ning kono, Mang,” jere Juragan.


“Sapa kaen? Kudu tah Juragan iku anake lanang masih cilik ika tah, sapa arane, si Taolani lamun ora salah mah ya?”


“Dih premene mang Alimin mang Mujidi iki,” Juragan Yanto ngekek.


“Lah kudu due anak wadon gede tah Juragan Yanto iku, Kang. Seumuran karo si Jaidi. Sing bengen rasane digawa-gawa Juragan,” saut mang Alimin.


“Aih iya gale mah astagfirullah. Si Samsiah kaen tah ya? Wis gede kaen?” takon mang Mujidi bari mesem.


“Lah uis seumuran karo anak Mamang. Meleng Mamang iku mah,” jawab juragan Yanto.


“Lah ora ngedeleng-deleng temen tah bocahe, Juragan. Mendekaya nyangkin ayune ya? Wong lagi cilike gah sedep bocah ikumah,”


“Tak pondokaken sing SD. Maune mah niate arep tekang lulus SMA. Tapi gah ibune ora ngaweh,”


“Oh aman sote. Jadi ragem sikine sekolane karo si Jaidi?”


“Iya, Mang, njaluke merana bae.”


“Wih, tarik dih ngobrol bae,” mang Alimin nyamber.


“Wih lumayan kih ulihe. Tarik, Mang, tarik!” Juragan keberagen.


Serngenge ana ning tengah-tengah endas nyorot perahu-perahu sing lagi ampul-ampulan ning tengah laut. Perahune juragan Yanto kebeneran lagi ulih milik. Perahu juragan liane ana sing ora ulih pisan. Tengah-tengah laut iku kebek wong bebekeran. Urang…Urang….


4


Jaidi metu sing ruangan BK karo ekspresi sing rued. Jaidi rued ngegawa surat peringatan kesiji sing guru BK. Dewekw ketelimbeng bakale premen njaluk tanda tangan ning bapane. Deweke ulih poin mines roro gara-gara kejadian ngejorogaken salah siji anggota OSIS lan telat upacara. Aturan ning sekola iku setiap murid sing ora taat aturan atawa sing rajin iku digai poin. Lamun sing ora taat aturan digai poin mines, lamun sing rajin digai poin ples lan bakale ulih penghargaan pas perpisahan. Poin mines siji iku ulih teguran berupa omongan, lamun poin mines roro ulih teguran berupa surat peringatan kesiji sing bakale ditandatangani wong tua, poin mines telu ulih surat panggilan gena wong tua teka ning sekolahan, poin mines papat diskor, poin mines lima dikeluaraken sing sekolahan.

Sariman sing nonggoni ning arep lawang BK ngedeleng Jaidi metu langsung nyamperi. Ora sue, Rosinah, bature Jaidi lan Sariman sing pada bae sekampung nyamperi Jaidi lan Sariman.

“Ulih surat peringatan ya, Jai? Tak warahaken bapa nira lah. Sira mah gale murid baru nakal,” Rosinah nyerocos.

“Iki kih wong mah ora elok disaring lamun ngomong. Wis sih aja comel,” Sariman marah-marah. Jaidi meneng bae.

“Jorangan dih, Jai, Garan gah aja nakal haha. Weruh dewek bapa nira premen. Wis kebayang kita mah pasti sira ditempiling. Aritah dikon tanda tangan ya wong tuane? Haha,” Rosinah ngekek. Cangkeme mangap amba.

“Ora sengaja setor. Wisih meneng lah. Rued kitane,” Jaidi muring.

“Hahaha tuman. Jai, Man, gagah sira ya ketua OSISe? Sapa kah arane. Kang Wandi ya? Kelas roro je ya. Hebat ya jadi ketua OSIS, ” Rosinah nyerocos maning.

“Gagahan kita. Sira gah pernah demen ning kita bengen,” jere Jaidi sembari ngekek. Jaidi, Sariman, lan Rosinah melaku.

“Ndih ting bating ora sukaradi ika mah masih cilik. Lamun waktu bisa diulang mah, ora kesed kitamah demen sira iku. Wis lah kita amah bakale arep gelati pacar ning sekolahan iki. Lanange gagah-gagah sira,”

“Arep sekola tah arep gelati pacar sira iku?” Sariman nyahut.

“Sohor bae sira iku Sariman. Ora payu wonganan sira mah ya?! Hahaha.” Rosinah ngekek kejekak-jekak. Jaidi peluan ngekek.

“Sial!” Sariman keisinen.

“Manjing kelas pira, Man? Kita mah sepuluh lima. Dela maning manjing kelas arep perkenalan,” jere Rosinah.

“Kita kelas sepuluh telu,” Sariman nyaut.

“Kita kelas pira ya?” Takon Jaidi.

“Sira kelas sepuluh roro. Mau kita ngedeleng,” jere Rosinah.

“Coba yu deleng maning. Kita pengen ngedeleng sapa-sapa aran batur kita.”

“Yu!”

Seketelune marani kelas sepuluh roro. Wayah tekang kana, Jaidi langsung ngedeleng kertas selembar sing ditempel ning jendela kelas. Tangan deweke meripidi aran sing ana ning kono. Aran deweke ana ning abjad J. Baranganu, seketelune, lan murid-murid sing lagi ana ning sekitaran kono langsung kaget ngerungu muni bola futsal kenang endas wong ning sebelahe. Barang Jaidi nyelingok, Jaidi ngedeleng wong wadon sing pernah diketemuni deweke ngegeletak pingsan kenang bola.

“Siah, tangi! Duh, pingsan! Tolong sih tolong!”

“Samsiah, sadar, Samsiah!” jere bature

“Arane bocah wadon iku Samsiah?! Rasane mau kita ngebaca aran Samsiah,” jere Jaidi ning jero atine. Jaidi langsung ngedeleng maning kertas pengumuman aran-aran murid kelas sepuluh roro. Deweke mau ngedeleng ana aran Samsiah ning kertas iku. Barang uis kependak aran Samsiah ning abjad S, deweke langsung ora nyangka lan ora mikir-mikir maning, Jaidi langsung marani wadon iku.

“Awas, ampura, langsung bae digawa ning UKS ya!”

Jaidi ngebopong-bopong wadon sing arane Samsiah iku didelengi sekabeh murid sing ana ning kono termasuk Sariman lan Rosinah. Sariman lan Rosinah ketelimbeng ngedeleng tingkah  Jaidi.  

 

Bersambung.....