Wednesday, July 13, 2022

Puisi Jawa Banten Nursiyah Faa

Puisi Jaseng/Jawa Banten Nursiyah Faa



Surat Goneh Kite


Kanggo badan iki sing wis pegel nerime kekelehan, tapi kudu kuat nerimane maning ning lian dinane.


Aje ure kelingan ngebeberag badan dewek senajan cite-cite cume kesampe ning alam impi.


Kanggo ati iki sing wis ikhlas nerime segalane. Aturaken nuhun sing moal keuwisan senajan ajal iring-iringan ning saban waktu.


Kanggo kenangan, kite aturaken nuhun wis bareng-bareng ngelewati taun-taun sing ning buri. 


Saking ceritane ibu, kite dadi weruh sewaktu masih dadi bocah ileran. 


Kecap pertame saking cangkem waktu iku iyelah bebungane wong tue.


Menawi kecap akhir saking cangkem waktu bisuk iyelah bebungane wong kabeh.


Serang, 28 Juni 2022



Kilanan Jeriji Bape


Ngitung umur kelawan kilanan jeriji bape

Dawe lan cepet

Kite melayu ngudag sing ning arep 


Sekilan: setaun urip pertame

Melaku gah masih jerogjogan

Semono gah pengene pepelayonan


Rong kilan: rong taun urip waktu iku

Kite bocah sing pinter pepurikan

Dele-dele purik gegeluntungan

Tekang tetoang ning arep umah

Embene meneng ure jejeritan


Telung kilan: telung taun urip waktu iku

Wis setaun ure nyusu

Tapi masih demen mementil ning ibu

Moal lali turu lamun durung mentil ibu

Papat, lime, tekang wolu likur: wolu likur taun

Urip waktu iku

Bape nyandinge urip kite

Dadi wali

Dadi saksi 

Bareng-bareng gegelati

Keadilan sing ngumpet ning dami

Siki wis kependak, tak rorohi siji-siji

Tekang ore kelingan lamun kabeh bakal mati 


Serang, Juli 2022



Melu Isin


Wis pegel kite maido

Ning bocah-bocah lanang wadon

Masih mambu kencur gelute

Gegawenan bocah kencur


Tengah wengi bebalesan salam

Isuke kependak rerangkulan

Embuh iku ajaran sing sape

Wong tuane pade ore kelingan

Tipi ngantreng nayangaken 

Artis lagi ambung-ambungan


Rupane senong seding kepengen

Enake sing sementare iku

Bakale dadi bebatang lian waktu


Isuk-isuk bayi masih leletok getih

Ari-ari durung digunting

Bayi dibuang kaye gah ngebuang tai


Siji bayi kependak ning kebonan

Ibune sing ngebuang digiabag ning kepolisian

Alasane isin ketangguan


Siji maning kependak, bayi dibuang ning galeng

Dirurubi winih, digerogoti semut

Digiabag ibune ning kepolisian

Ngakune bapane minggat


Siji-sji tekang akeh ceritane

Bayi dibuang ning wong tuane

Sing bangor bungbas ure ketamban

Dipenging aje rerangkulan

Jawabe, dasar be sirik


Siki sape sing nyiriki musibah

Pengen ngegeguyu gah ure tumame

Sing kenal pepluwan isin


Serang, Juli 2022


____


Penulis

Nursiyah Faa, buruh pabrik.



Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com